ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Rabu, 26 Oktober 2011

PANANDHANG

timbrenging sesawangan
gawang-gawang ndayani ati kang sepa
rasa kasiya
panjeriting jiwa nelangsa
wus kadhung tumama
ing telenging kaca rasa
kanthi tetangis ngelak usada

tresna iki tresnane sapa....?
kangen iki kangene sapa...?
geneya kudu linambaran dhusta

Kotabumi, 26-10-2011
DS

Senin, 24 Oktober 2011

GURIT PANGLIPUR

Rerakit sastra ginurit
Ing dluwang-dluwang putih dakripta
Kinarya tamba duhkitaning nala
Anglaras lelaraning jiwa
Amung nuruti adrenging rasa
Kang kumudu - kudu
Kang kalut kapilut pamiluting tembung memalatsih
Jer nyatane amung nggembol lelamisan kewala
Kaca-kaca mbaka siji, saya cetha mbebeda ati

Kotabumi, 24-10-2011
DS

Kamis, 20 Oktober 2011

JANJI PRASASTI

isih ana rembulan panglong
kang kasdu nyoloki laku wengi kekes samun
lan angina lirih tumiyup ing getering kuncup-kuncup mlathi
impenku lan impenmu nyabrang ing sepine taman sriwedari
nlusur ing ngendi nate kaukir janji prasasti

apa isih ana salembar karila-legawan
negesake wujude kaendahan
kang dadi wungkusing prasetyaning                                      
atiku lan atimu
 
Kotabumi, 20-10-2011
DS

Senin, 17 Oktober 2011

ASMARANDANA LENA

pangarasing kapang
gawang-gawang tumiyung ing ngawang-awang
nelungake pang-pang panandhang
peteng nggameng atiku gothang   
jer nyatane
jangkah wus kabacut adoh simpangan
lumaku milih dalan sowong-sowangan
kejer kekitrang kelangan katresnan
ya gene asmaradana lena....                                                             Sauntara ing rasa, isih ngrerepa natah asmamu kusuma                                                                                                                                                                
Kotabumi, 16-10-2011
DS

Jumat, 14 Oktober 2011

WULANJAR TINEMU SEPA

Daksuwek wingiting wengi
Dakluru suwunge ati
Sanadyan ginubed tintrim rinasa ngrujit
kepati sepi kinaweden kori-korining ngaurip
Nyamudana wingkis sakehing kekarepan
Nutup kudhuping kekembangan

Tembang karerentan
Mbeber panalangsa
Karamut kanthi tumetese waspa cuwa
Tangising wulanjar kang nandhang duhkita

Kotabumi, 14-10-2011
DS

Senin, 10 Oktober 2011

SAMUDANA

Anetes idu manis
Angemu wisa hawa
Lumrang angambar janji
Nilep netra binuka
Tan wijang soroting wulan
Yektining uni keri
Amung njojoh ati

Kotabumi, 10-10-2011
DS

Jumat, 07 Oktober 2011

LELAGON KAPANG

Gegambangan lelagon kapang
Ngujiwat nelungake pang eseme
Aggandha arum mlati rinonce
Ndayani lathi angucap asmane
Kang rina wengi dadi impene

Sauntara sumiliring angin saya kekes pangeluse

Kotabumi, 07-10-2011
DS

Selasa, 04 Oktober 2011

N E N D R A

Pangename rasa
Tuwuh mbabar cepaka mulya
Ndedel akasa
Ninggal ati njarem nelangsa
Mara
Sanja
Amburu lena
Anungka yitna
Nendra


Kotabumi, 04-10-2011
DS

Senin, 03 Oktober 2011

KEMBANGE PIKIR

Kembange pikir
Lah tanem tuwuh sakalir
Godhongmu ngrambah kumitir
Mak sar atiku kuwatir
Lir uwuh ing kali kintir

Kotabumi, 03-10-2011
DS

Sabtu, 01 Oktober 2011

PRASETYANING ATI

angler nggleser
maruta sing tumiyung
ngelus pipi
ngrambati sela-selaning ati
nambah resep kahanan ing pandulu
gending asmaradana
ngrangin
ngelus ati tansah nggujengi
prasetyaning ati

tresnamu
anjalari bungah
tansah angreridu
tansah nggegiri godha
datan kandheg dening apa-apa

Kotabumi, Lingsir wengi
DS

NASIB KEMBANG

mawar abang
ngrembaka endah ing tlatah cengkar
arum gandamu mangambar-ambar
mernahke ati reseping panyawang
dumadakan alum .....
ketrajang kumbang pangisep madu
sirna putik sarining mahkota

kembang sore gogrog tumiba bantala
tetela tan ana janma nglegewa
ilang musna aruming ganda
ngabar kababar samarga-marga

Kotabumi, Lingsir sore
DS