ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Sabtu, 19 November 2011

T R E N Y U H

Dumadakan trenyuh ngelun pangrasaku
Nalika mbaka siji
Kawiyak kaca lembar lelakon klawu
Sajroning roncen pengangen
Lan ati sing kangen

Dak tampa kanthi perihing rasa
Dak pupus kobaring tresna
kabegjanmu ginawa ing babad katresnanku
Kasimpen endah ing taman pandulu

Mangu-mangu isih ngrerepa manising esemu
Sandayan ta saikine sliramu, wus ana sing ndhaku

Kotabumi, 19-11-2011
DS

Sabtu, 12 November 2011

EDINING ASMARA

Wengine truntum arum
Ngedum rerumpakan kaendahaning wirama tresna
Tumuli tinemu laladan rinengga rembulan
Nalika tanganku kok kanthi
Nyabrang edining megare kembang
Nuju papan sing dadi gegadhangan

Sauntara, wengi sansaya tumlawung ing palung samun
Ndayani sanggem lan tetembangan roncen pemarem

Kotabumi, 12-11-2011
DS

Kamis, 03 November 2011

LELAKON

kaca kaca purwa
Mbaka siji kewela
Ing pangename rasa
Nembangake kererentan
Saka gempilaning lelakon
Kang sangsaya tundha
Ndhepani lingsir
Lan panalangsa

Mendah rempu pangrasaku
Kalamun wus prapta
Kinanthi kidung purnaning ratri

Kotabumi, 03-11-2011
DS