ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Jumat, 30 September 2011

KINANTHI

kinanthi gemulunging samodra
dumadakan tuwuh ana dhada
ngluru ilining banjir sangka rasa
kang pijer nelangsa kapisah purba
dhuh asmaradana
ya gene mung sanepa
ya gene mung samudana

Sauntara ing telenging dhadha, isih daksimpen banyu tawa

Kotabumi, 27-09-2011
DS

DLUWANG JINGGA

geneya durung prapta
geneya isih semaya
apa ora trewaca ing kana
gurit katresnan ing dluwang jingga
sing saben sore dak kirim bareng sumilire samirana
nalika sonya anelahi mega 

Kotabumi, 24-09-2011
DS

KIDUNG WENGI

Langgam kinanthi mung kirim janji
Tumiyupe angin wengi
Asmaradana isih semaya
Sanadyan wus ngegla-ngegla
Tembang pocung layung-layung
Geneya saya temlawung

Ndhodog korine wengi, nyawang ati nggurit sepi

Kotabumi, Lingsir wengi
DS

M A R A S

Ati maras
Kapulas pendheman lawas
Nyat katon nyat ilang tanpa wekas
Ngudhal-udhal crita lawas
Kang suwe wus ora ginagas

Sauntara sliramu, sliraku wus ana sing ndaku

Kotabumi, 21-09-2011
DS

CRITA LAWAS

pangarasing wengi
mbabar gegaraning ati
nggeget karep nutuh kori
impen kawuri

roning katresnan
kabur kanginan gogrok sadawaning dalan
ndayani tresna lan pepasihan
mungkasi crita babad katresnan

mecaki dalan latu kebak tatu
mbebirune ati tresna klawu

Kotabumi, 17-09-2011
DS

M A N G R O

Kang..
apa tresnamu isih gumantung liwung
apa kabuncang ing jembare tawang
apa pancen isih kudu ngenteni
tetese bun ing bedhug ndhrandhang
manglung kanti pangarep-arep tembung katresnan
geneya swaramu mung mandheg ing gurung

dakanggit talining tresna
geneya ana rasa tidha-tidha
gawang-gawang guyumu tansah mbebeda
nyemoni atiku kang njarem nelangsa
Kotabumi, 14-09-2011
DS
 
 


K A N G E N

Wengi iki,,,,
Aku kangen angeting asihmu
Aku kangen elusing pangayomanmu
Aku kangen edhuming swara pangemanmu

Ambruk ing pangarasing astamu
Ing gebyaring lintang ayuta

Kotabumi, 13-09-2011
DS

PENGANGEN

Nalika daksawang
Kumrelipe lintang kang ambyor ing tawang
Kaya-kaya katon esemu ing kana
Nyawatake tengara asmara
Nyipta baweraning kaendahan
Ngekep rasa kapang kagubel ulenganing wengi

Njangkah tapaking ati
Kang negar-negar mbradhat nyasak sangga runggi
Nguntabake janji
Dadi kasunyatan jati

Kotabumi, 09-09-2011
DS

PRASETYANING ATI

angler nggleser
maruta sing tumiyung
ngrambati pang lan
wit sing tinanem ijo godhonge
nambahi resep kahanan ing pandulu
gending asmaradana
ngrangin
ngelus ati tansah nggujengi
prasetyaning ati

Kotabumi, Madya ratri
DS

DINA PUNGKASAN

Semiliring angin
Nyampluk rambut kang kumlebet ing pipi
Binarung kembeng kaca-kaca
Rinasa abot ngeculke tangan
Kang keket gegondhelan

Lamat nanging cetha keprungu ing talingan
Swaramu ing dina pungkasan
"Entenana dhuh ati"
"Aku bakal enggal bali"

Angliwati dalan iki
Dumadakan aku kelingan sliramu
Kocap wus setahun lawase
Aku koq tinggalake

Kotabumi, lingsir sore
DS

K A P A N G

lelewane langit timbreng
semu sengsem samudana samun
lelamisane mega-mega peteng
ngrucat gumbira
mucetake pengangen
gumandhul tan bakuh talining ati

mungguhing praptamu dhuh kakang
dak pepuji dak pupus rerepan ati
watara suwe nggonku ngenteni
baya kapan silramu bali

Kotabumi, madya ratri
DS

I B U

jerite sora pating jlerit
nalika jabang nyawa
arep lair nang alam donya

marmati oncat saka dhadha
banyu kawah paring pratanda
getih kumucur tanpa kaukur

nadyan lara kaya ngapa
paring nyawa saka jroning garba
mijil ponang jabang nyawa
linambar tetesing waspa
lila legawa

dhuh ibu...
katresnanmu lir jembaring segara
welasmu ora bisa winales kanthi apa

Kotabumi, Madya ratri
DS

L U N G S E

Ngajab sumilire angin sore
Ngronce impen ngawe-awe
Sanadyan ta crita lawas wus saya lungse
Perih tan ana pedhote
Kotabumi, Lingsir sore
DS

BEBRAYAN

Gilar - gilar soroting netra
Linambaran bebingah sajroning nala
Urip pindha salawase suwe
Tanpa ana akhire
Nyidam mecaki donya kaya serep nyawa

Binarung swara njiwit gendhing Jawa
Kongang nguntal talining rasa
Sumusup ing sasela-selaning jiwa
Pindha ketetesan banyu embun ing wayah esuk
Tentrem mahanani kahanan jenak

Bebrayan kanthi katresnan
Sliramu lan sliraku

Kotabumi, Iedul fitri 1432 H
DS

LINGSIR WENGI

Lingsir wengi binarung sepi
Eling nalika kaaras pipi
Lan kok geget lathi
Kaya - kaya isih wingi uni

Miyak ati mecaki wengi
Ndlidir pindha laku kawuri
Kang linambar arum gandaning melati
Kepranan wawayang kang edipeni

Dhuh Ati .....
Jagadmu ana ngendi
kapan rasa kapangku iki arep diusadhani

Kotabumi,,,Lingsir sore
DS

K A P A N G

Lelewane langit timbreng
Semu sengsem samudana samun
Lelamisane mega-mega peteng
Ngrucat gumbira
Mucetake pengangen
Nglamurake pangira
Gumandhul tan bakuh talining ati

Mungguhing praptamu dhuh kakang
Dakpepuji dakpupus rerepan ati
Watara suwe nggonku ngenteni
Baya kapan silramu bali

Kotabumi, madya ratri
DS

P E D H U T

apa isih ana rembulan panglong
awit langite jembar kari sesigar
sumilak
pedhot dening kandele pedhut
ireng langes tanpa teges
kaya dene atiku
kelangan wewayanganmu

Kotabumi, Madya ratri
DS

BOJO WAYUHAN

gumpilaning duhkita iki
nelesi wingit sangaring marga katresnanku
tinandur tuwuh ngambra-ambra
abote rasa kang tak sandhang
dadi bojo wayuhan

sirna sekabehing
weninge warih kaswargan
elusing pangayoman
edhuming swara pangeman

ngurut tritising sepi
nanting ati marang hurubing geni
Kobare pati

Kotabumi, 17-08-2011
DS

N G E G L A

ratri
nelungake rasa emu
njerem biru erem
nyendhal jaja
njejag raga
nngrerintih perih
anelungake tlutuh bening
anelesi pipi
sing ora isa kumbi
dilewati sepur mili

prastawa kawuri
ansah ngegodha
sanadyan wus tetaunan
katinggalake

Kotabumi, 05 agustus 2011
DS

WENGI SINTRU

Wengi ireng nggenthileng
Mulasara kangen iki
Kang ngemu sagedabyah ubaling pepenginan
Nyawiji marang sliramu
Senadyan ta pedhut
Anggubel atiku

Rarasing riris dhadha kumesar
Gumandhul tan bakuh talining ati
Mung hoyag hoyig katut abure angin
Paninthinge mung ambane kuping
Lan winates kedheping netra
Pangimpene kupu miber endah wurung

Kotabumi, 24-08-2011
DS

P U P U S

Grumbul pandhan
Luruh semu
Aweh paseksen selaking kasunyatan
Tumungkul nunjem-nunjem dom wengi
Natasi tresna kang mbebiru ati
Antaraning aku lan sliramu

Sanadyan tejaning wulan, isih manther ing sela-selaning gegodhongan

Kotabumi, Madya ratri
DS