ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Rabu, 28 Desember 2011

S W A S A N A

Trawang-trawang ngalela
Ing saksela-selaning godhong selamba
Sumamburat jingga maya-maya
Laraping hyang sandyakala
Nalika sonya anelahi mega

Candhik kala
Nyendhal jaja
Kinukut tan sisa
Ngegana
Ngubal sangkrahing duhkita

Kotabumi, 27-12-2011
DS

Sabtu, 17 Desember 2011

S U M Y U R

Jumurungku
Katungka dening kedaling kelu
Nyangking palastraning wektu
Njejeri lelagon rangu-rangu
Mingkuri laku

Lemekan gelu
Mangu-mangu
Mendhem raga dadi awu
Tan kuwawa nguwalake reretu
Tresnaku

Kotabumi, 17-12-2011
DS

Selasa, 13 Desember 2011

SABAYA PATI

Tetembangan kinanthi
Angger-angger ilir ngumandhang nyengsemke ati
Ngidungake donga asmara
Ngenam kaedahaning wirama tresna
Ngobar antepe tekad giliging niyat
Ndayani keketing astamu ngregem atiku
Paseksen mijiling prasasti
Janji sabaya pati
Bebrayan

Kotabumi, 13-12-2011
DS

Senin, 12 Desember 2011

OHH, KATRESNANKU

Nyawang kumrelipe lintang wong bagus
Kijenan ing plataran
Kaya-kaya

Kagambar sliramu satuhu
Ngelaga ing tawang biru

Ati kiyi kapang
Nyidham mecaki dawane wengi
Lelumban ing wirama lan solah bawa edi
Endahe katresnan iki
Bali kaya wingi uni
Geter panther nggucengi bundhelane ati sing kejuwing
Ing pangirane rembulan mesem kepencut melu ngliling.
Kotabumi, 05 Agustus 2013
DS

Selasa, 06 Desember 2011

T R E S N A

Dumadakan aku kepengin dadi lintang ing tawang
Ngegana
Ndedel akasa
Rerangkulan klayan rembulan
Nedya lelangen marang sunar kencana ing dhadhamu
Sing salawase iki
Ngrenggani wewengkon atiku
Lan ngujiwatake jejangka
Marang sagegem ukara
Tresna

Kotabumi, 06-12-2011
DS

Senin, 05 Desember 2011

DALAN IKI

Bali dakpecaki dalan iki
Mbokmenawa isih bisa daksawang rembulan
Lan sapatemon klawan sliramu
Nyungging sesanti ing langensari
Nyulami ati

Ing kene nate dakukir prasasti
Ing kene nate kaucap janji
Ing kene uga bali dakpecaki
Dalan kang medhot ilining kali
Katresnan

Kotabumi, 05-12-2011
DS

Kamis, 01 Desember 2011

M A N G R O

Bali kekidungan iku krungu ngumandhang
Pijer nglelaga kanthi tembung-tembung ngayawara
Lan sumilire angin kumlawe ngaras pange rawe
Ngelingake endahe esemmu sing katutan tlutuhe senthe

Wus makaping aku nyoba nduwa
Lan nggetuni playune tresna sing kasamudana
Ya gene wewayangmu sansaya nglelewa
Nyemoni atiku kang njarem nelangsa

Apa isih paedah daksanggem kidung
Kanggo ngandheg ati kang liwung

Kotabumi, Madya ratri
DS