ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Sabtu, 28 Januari 2012

MANUHARA TINEMU SEPA

Damar kanginan kekembeng waspa netramu
Tumungkul sakehing duhkita
Mung ungkeb-ungkeb
Nangis angekeb dhengkul
Nutupi ayu praupanmu
Dhuh nimas,,,
Sumedhot pangrasaku

Cup menenga cah ayu
Bakal dakluru tamba
Nadyan kudu dak sabrangi segara
Dimen tuwuh esemmu kang ngujiwat
Kang gawe atiku sigar mrapat

Kotabumi, 14-08-2011
Dening  :   Tejo Siswoyo
Kanggo :   Dyah Sekartadji

LINGGA - YONI

Nggurit rembulan kembang arum
Nalika wengi gumelar tabuh samun
Nganthi astamu, Wong ayu
Lingguh sumandhing wadag
Lingga sumandhing yoni
Sliramu kinanthi
Aku pangranti

Kotabumi, 29-09-2011
Dening  :  Tejo Siswoyo
Kanggo :  Dyah Sekartadji

Kamis, 26 Januari 2012

KATRESNAN KEMBANG SORE

Ing kene, antaraning angslupe srengenge
Bali dakronce katresnane kembang sore
Saka gempilane lelakon kang wus saya lungse
Sing salawase iki katon ngece, ngawe-awe
Lan kecer saka pangrengkuhe

Sabab wus dakgambar sliramu ing gagasan
Wus daktulis ing pangenthan-enthan
Kareben
Karoban ing memanis
Ing kedhep lan ereme tlapukaning netraku

Kotabumi, Lingsir sore
DS

Selasa, 24 Januari 2012

NETYANING TYAS, WULANKU

Ing ngendi parane konang Yayi
Awit wengi iki nora katon ing pang trembesi
Lintange tidhem langite sumilak sepi
Nutupi arum endahe kolam tamansari

Ing ngendi parane rembulan Yayi
Sing biasane manther ing sela-selaning gegodhongan
Apa wus ora setya lan lali marang kaendahan
Yagene malah ndelik ing waliking pesamunan

Keli...
Awor larahan lan tangise widodari
Mung angen kang setya ngancani
Nali sepi..ing sadawaning wengi

Dening : Tejo Siswoyo
Kanggo : Dyah Sekartadji
Ing sapi nggiring wengi

Minggu, 15 Januari 2012

TRESNA IKI

Tresna kuwi kadya wulan kang lagi ndadari
Tresna kuwi ati loro kang dadi siji
Tresna kuwi rerangkulaning rina lan wengi
Tresna kuwi ngrenggani impen-impen kang edi
Tresna kuwi dudu wewengkon birahi
Tresna kuwi kekanthine asta tumuju swargi
Tresna kuwi prasasti janji sabaya pati
Tresna iki amung sliramu sawiji

Kotabumi, Madya ratri
DS

Rabu, 11 Januari 2012

GRIMIS

Layung melengkung
Semburat ing brang kulon
Anjrah puspitaning kembang sore
Sesawangan kang ngawe-awe

Lungguh ing sapi nggiring tritis
Mbedhidhing angina lumaris
Kinanthi tapising grimis
Atis

Kotabumi, Sapi nggiring Tritis
DS

Selasa, 10 Januari 2012

ESEM REMBULAN

Tembang kinanthi
Methuk eseme rembulan
Lan sumiliring angin
Anelungake rasa riyung
Edhum ngujiwat sumundhul ing punjeraning kalbu

Bali angenku marang sawijining wengi
Duk rikala sesandhingan
Lungguh jejer ing plataran
Sineksen sewu lintang payung rembulan
Kandhamu ......
Aku wewayang telenging atimu

Kotabumi, Madyaratri
DS

Jumat, 06 Januari 2012

GURIT WENGI

Gumer-gumer gendhing
Alun ngumandhang ing tengah wengi
Merbawani swasana kang edi
Kepara digawa lali

Ketang mung sedhela
Pengin dakkekep puput curesing pangimpenku
Pengin dakranggeh wektu kang wus keplayu
Sajroning ati kang lali
Ngimpi

Kotabumi, Madya ratri
DS