ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Minggu, 24 Juni 2012

L U H

rembulan kae
mendahneya jero ngawiyate
kasilep ana sawalike mendhung
kebak dening pangamun-amun

kapang kang dakanam
ing amping gigire jurang atiku
wis kebacut nglumut
dening luh kang kutah
wujud getih kang ora abang
kebak panandhang

kamangka isih durung rampung anggonku
natah rerangken prasasti tresnamu, Yayi

Kotabumi, 23-06-2012
DS

Selasa, 12 Juni 2012

L E N C U

Daksebul banter
Kumelune pega rokok ing dhadhaku
Prasasat nguncalake wewayangmu

Sauruting wengi kang sepi
Dakjar wudhar sekehing rerangken
Dakuja mbuncang ewoning pengangen
Daklempit impen-impen kang blereng
Sabab wus daklirwakake sliramu
Saka atiku

Lan nalika bali daksawang langiting atiku
Kabeh wus bali ireng
Kabeh wus bali ireng

Kotabumi, Madya ratri
DS

Rabu, 06 Juni 2012

LAYUNG JINGGA

Layung jingga
Wiwit ngliga
Mungkasi gumelaring candhik lelayarane mega-mega
Nggiring angslupe bagaskara
Ing gigire cakrawala

Yen ta pucuke sore iki bisa crita, Yayi
Ana luh kang kutah
Ana ati sing bengkah
Rikala kapang ngundang baline jangkah
Saka tlatah samune pangumbaran

Ing pucuke sore iki
Dakronce pangrasaku ngenut lakune angin
Ngupaya lebur ana kandhutane mega
Sanadyan ta mung pengangen kang lana
Lan muspra ing sajroning pangentha-entha

Ya ben ta wengi iki sepi-sepi
Ya ben ta kapang iki nglinthing kalindhes katreme wengi

Kotabumi, Lingsir sore
DS

Jumat, 01 Juni 2012

WENGI ING PANGLAMUNAN

Daksekarep angen iki
Nlasak bebondhotan kawuri
Duk rikala isih sesandhingan
Mecaki dina-dina
kebak puspa

Wengi ing panglamunan
Lungkrahing raga kaselehake ing peturon
Sangisore empyak prethel
Lan gapuke usuk
Bisu

Isih ajeg kaya wingi
Saben wektu atiku njelu
Njintel ngringkel dadi pringkilan kangen
Sabab rerangken
Wus mlenceng saka tataning impen

Ati iki pindha
Tlatah kapang kang gumawang ing pangangen sepi
Tininggal onclang gayutane ati

Kotabumi, 01-06-2012
DS