ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Jumat, 29 Maret 2013

K A P A N G

Dumelinging gending binarung
Swasana kang nyengsemake
Lamat, mathis kanggo nyurung mata
Lelumban ing jagading sonyaruri

Rikat angenku
Keplayu nututi impen kang ginelar mblabar
Ngadhang tekane angen kang samar
Lan kabeh mung gawang-gawang
Nora kagrayang

Ahh..
Yagene kabeh mung mralang
Yagene mung rasa ampang
Sliramu kang anguwuh kapang
Hananging mung kandheg gumawang.

Kotabumi, Madya ratri
DS

Kamis, 21 Maret 2013

KAPANG-KU

Dak urut dalan iki
Lire bisa'a sambang marang kapangku
Marang ngujiwate esemu
Marang liring netramu
Kang nyasapi sadawaning laku-ku

Ing uni
Sadawaning lurung iki
Ana gumuyu ngetung lintang
Ana esem nyawang rembulan
Rerangkulan, gegandhengan
Ngumandhangke kidung katresnan

Saiki
Endahing tresna karingkus mangsa
Manising janji kapegat pesthi
Lintang-lintang padha ilang
Lan rembulan uga ngglewang
Ninggal panandhang

Ing pantog watesing lurung kapang iki
Mung ana tangis-tangis lirih
Lan impen-impen sing kalindhih
Ninggal pangrintih
Perih.

Kotabumi, 21 maret 2013
DS