ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Rabu, 01 Mei 2013

DYAH

Kembaraning karep
Saikine wus jangkep
Dene winih gurit sing nate gogrog ing atiku
Wis tuwuh ngrembaka
Mekar tumangkar nyulami cakepane gending semaya

Mula, Dyah
Esem manis pawewehmu wingi
Wis bisa nentremake ati
Nadyan ta langit laburan peteng
Nadyan ta pedhut memalang laku
Aku ora samar
Awit konang-konang wengi
Awit lintang-lintang siwi
Wis pindhah mapan ing netramu

Kotabumi, Madya ratri
Dening: Tejo Siswoyo
Kanggo: Dyah Sekartadji