ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Rabu, 26 Juni 2013

NGENANI BAB SLIRAMU, DYAH

Sorene sore jingga
Candhike maya-maya
Laraping hyang bagaskara
tumrawang ing sakselaning mega

Ringkih anggamu
Dak kekep wiwit wayah candhik ayu
Aku kepengin ngopeni crita lawas sing kacicir
Mangerteni lelakon-lelakon sing nate kesungkur
Lan impen-impen kadaradasih
Sing sasuwene iki durung bisa tak sembadani

Ringkih anggamu
Tak pondhong mbiyak korining wengi
Binarung kumandhanging tembang kinanthi
Lan lulut seblak sampur beksan karonsih
Atiku sumyur campuh getih
Asih

Bebarengan lan sliramu
Nora karasa wis meh lumaku sewindu

Kotabumi, 23 juni 2013
Dening : Tejo Siswoyo
Kanggo : Dyah Sekartadji