ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Senin, 29 Juli 2013

EMBAN KENCANA

pangangenku gremet-gremet lumaku
ing endah warnane gegayuhan ginadhuh
ing sumrebak gandane mlati
kang tumungkul mendem donga asmara
mapak mangsa wohing janji wenang diundhuh

emban kencana
kumelap ngrengga driji sing kiwa
minangka tandha
kembaring rasa
sumarahe jiwa raga lan tresna
katur ndika

Kotabumi, 28 juli 2013
DS

Jumat, 05 Juli 2013

BAB SLIRAKU

Ora ana crita liya
Sing bisa dikandhakna wit-wit lan rerungkudan
Saben daktlusur dalan iki

Kowe keplatrang ati, kowe keplatrang
Ora ana meneh sing bisa kok lari
Nganti tilas tapakmu sing wingi
Wis ilang kesaput udan sewengi

Saparan-paran
Nrethek nglancak gegalering marga
Prandene kepanduk gatining kanyatan
Nanging menawa ana tumlawunge kidung lan beksan
Aku iki ati kang kasmaran

Kotabumi, 05, juli 2013
DS