ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 26 September 2013

W U Y U N G

tumapak ing awang-awang
anglangut tanpa dunung
sasar kurang nalar
nut ilining sedya
golek pangarem-arem lajering ati

ngreridhu tentreming driya
sinandhing jatmika puja
miluta memalat sih
ngrerepa ngarih-arih

tinukup teteping ati
linarut kledhange wengi
ngalumpruk tanpa daya
kataman ing asmara

kotabumi, 26-09-2013
DS

Minggu, 15 September 2013

PANGANGEN

ing abure pangangen-angen
sajroning ati kang suwung
lan wengi kang samun
pengin dakisep manising keluk wewayangmu
dakgambari arah pepandoming kapang
ahh,,,, ya gene saglugut atiku
durung katekan miyak esemmu


ngentha kasulistyanmu
ing tepis wiringing kasunyatan

Kotabumi, madya ratri
DS

Sabtu, 14 September 2013

R A T R I

ratri
nelungake buntele rasa
saiba nglangut
nglawu pandulu
ndayani semuning ati sinamun ngasepi
kaliput ayang-ayange mega
lan barat kang pijer ngulandara
nggetuni prasetya kang cinidra
kang sumyur pinara sasra

kotabumi, madya ratri
DS

Kamis, 12 September 2013

S E P A

wewaliking kahanan beda
jenjem wus kasilep surem
sing mung bisa dimangerteni sakloron
antaraning aku lan sliramu

ati lam-lamen merem dadi kerem
ora bisa dakrakit meneh ukara lelipur
sing jare srana kanggo nggayuh ujaring kandha

mung bisa nyawang saklerapan
pangaras satleraman
minangka kanggo gentine rasa kangen
katresnanmu kang ilang kasabab pakaryan

kang kari mung sepa
saben remukan ambeganku
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom perih
sadawaning wengi

kotabumi, 12-09-2013
DS

Selasa, 10 September 2013

YEN KANGEN

keblating pangluru
tundhane mung nyancang ewoning pangangen-angen
tumlawung ing kori-korine mendhung ngeguwung
dalan sapecak agawe bingung

prasasat wis ajur sikil iki
mecaki dalan latu kebak tatu
parandene
mung kledhang wewayangmu kang pijer kekitrang
puguh
angkuh
selak saka tembung wanuh

sawetara iku sumilire angin
mung bisa ngemuli wengine prawan sunthi
sing bingung ngukur dawane lurung
jroning ati suwung

kotabumi, 10-09-2013
DS