ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Senin, 29 Desember 2014

SUKRASANA TINEMU SEPA

+ Kakang mantri
bokmenawa aku sing kleru negesi tembung katresnanmu
ya gene saiki banjur bok selaki
marang janji sawuse rinengkuh mukti
(Bambang Sumantri mung legeg nglenggana, atine krasa trenyuh krungu panggresahe si Adhi)


- ohh adhiku Sukrasana
aja sliramu banjur ngemu rasa ora percaya
ngundhat-undhat lan nakokake sepira jeroning banyu bengawan lan
wujude rasa katresnaning pun Kakang


+ dhuh,Kakangku ya pepundhenku
selehen astamu kang adhem pindha salju ana bathukku
kareben aku bisa nglalekake critane buta bajang
sing ditundhung lunga sawuse mindahake taman


+ wangine kembang minangka sampurnaning kamulyan
tanpa ngelingi yen katresnan kuwi regane larang


- uwis Dhi, aja kok dedawa lara
ayo enggal lunga'a saka taman
bali mring pertapan jati srana
kae para putri padha kamigilan
nyawang blegermu sibuta bajang
(gendhewa pinenthang, ngagar-agar munthes luhuring katresnan)


+ ora Kakang, aku melu kowe
aku melu kowe Kakang
(Sukrasana nangis ngguguk ing antarane gebyaring lintang
pengarep-arep, kang sakala ilang katembus lungite jemparing katresnan)


Kotabumi, 29 Desember 2014
DS

GURIT KANGEN

aku rak ya isih dadi wewayanganmu ta, Kang
geneya ora nate kok aru biru
nganti lintang-lintang padha takon
ya gene rembulanmu kok panglong


nalika pang-pang trembesi sesidheman
ninggalake poncot dalan
lan wora-wari gogrok kasulih mangsa
ngabarake mring sliraku yen ta
mangsa ketigane isih dawa

aku pancen dudu sukrasana sing nagih janji
nalika kasil njunjung taman sriwedari
lan kangen iki uga dudu senjata kunta
kang bakal nembus isine dhadha

geguritan iki mung pengin kandha
wengi iki aku kelonana

Kotabumi, 21 Desember 2014
DS

Sabtu, 13 Desember 2014

K E S I N G K U R

pancen durung jangkep
kakah jangkahku
napaki dalan-dalan ing atimu
wong ayu


aku wis nglenggana
yen ta winih gurit sing tak dhedher ing atimu
ora bakal semi
awit ana tilas asmaradana
sing nate ngumandhang
dek semana


aja ketungkul kelu
ora bakal ana pitakon
ngenani sekabehing lelakon
nyatane aku mung bisa nyangking wewadi
lan crita-crita
sing mung saguh kokpapagi
jroning impi

Kotabumi, 13 Desember 2014
DS

Minggu, 07 Desember 2014

CRITA SAKA TAWANG

baya kapan rembulan
bali leladhang nyithak topeng-topeng esem
kanggo aling-aling rupa burem
ngrakit bebungah
nurut iline napas sengsem


wengi pancen nduweni prabawa sing bisa nerak kahanan
lan aku asring kepranan
nyawang gumelare tawang
kang nglukis werna lan rupa
abang birune panguripan


ahh
mungguh bisaa


(panrawang nglambrang. werna lan rupa jejel riyel rebut bener ancase panguripan)

Kotabumi, 7 Desember, 2014 
DS