ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 29 Mei 2014

C U T H E L

dakungkuri pereng wektu mawa panggresah
kareben ta gurit-gurit gumlasah sebah
nyatane sumiliring angin ora kuwawa
nitir gegadhangan kebak panjangka


dakungkuri pereng napas kebak kapang
nyatane ati iki mung keplatrang, kebimbang
kaya dene ngoyok rembulan kerahinan
ing pucuke tawang


kanyatan wus lumaku adoh, kang
kanyatan wus lumaku adoh
nyatane sumiliring angin mung kuwawa
nggambar patemon sing ginaris ing lembar nostalgia


apa isih ana sing saguh cawis klasa gelaran
papan mirunggan kanggo ngrembug biruning tawang
kang setya nyimpen sewu pepadhang
nglaras ngrangine langgam panguripan...?


kotabumi, 29 mei 2014
DS

Kamis, 22 Mei 2014

R E M B U L A N

kang
rembulan kae apa ya isih duweku
awit saikine wis ora nate katon ing tawang biru
apa pancen wis kepangan kala rahu...?

kang
rembulan kae apa ya isih duweku
awit sing kasawang mung nggembulenge mega peteng

ameng-ameng

ahh, wengiku
apa sing dek wingi ilang bakal bali kumledhang
apa sing wingi kaliwatan bakal bali ing kiwa tengene dalan
sauntara grimis wis kawiwitan dadi udan
apa bakal bisa oncat nebusi pepadhang

yen rembulan mengko wengi ndadari, kang
aku lila sewengi muput ana kene
ora maelu adheme pedhut lan
apa wae kang memalang laku
uga umpamane sesuk kuwi mujudake dina kang pungkasan
aku lila
ngubur sekabehing pitakon
marang wektu

kotabumi, 22 mei 2014
DS

NEGARA KERE II

ingendi dununge katentreman
awit kahanan wis ora nyawisake papan
kanggo pisambat lan
ngutahake pangrasane rakyat
sabab kabeh panguwasa
padha rumangsa wis dadi malaekat
 

hee,,panguwasa....!!!
galo sawangen
matamu rak ya weruh ta
bengawane padha asat
iwake megap-megap
padha ngelak gorokane

ya gene kowe kok mung pamer esem rupa kucem
kok gendhong, kok indhit
jebul isine mung genthong-genthong mlompong
lan mblegendhuke weteng kadut isi wisa sarta
jerohan rempela atine kawula
sing kok kaniaya

sadawaning dalan sing ana mung pipihan gombal ora pakra
kanggo sumpel kupinge jaran lan
kacamata ireng jebul ora tembus panyawang...!!!

SIKAT... !!! GASAK... !!!
SRUDUK...!!! MAJUUU...!!!
ASU...!!!!
 

Kotabumi, 10 mei 2014
DS

NEGARA KERE

apa negara iki wis kere tenan ta, paman
awit aku weruh playune uwong oyak-oyakan
ngoyok rembulan kerahinan

apa negara iki wis kere tenan ta, bibi
awit kayu-kayu sengkleh dibabati
kaspe-kaspe tanpa aji
gaplek-gaplek dipepeni
pawone wis ora bisa ngukus ambune dangdangan pari
lan angete kopi wis ilang tanpa lari

banjur sapa...?
sapa sing arep gugat marang isen-isening jagad
sing pijer royokan brekat
tan keguh kidung pangruwat

kotabumi, madya ratri

DS

GURIT IKI

gurit iki
pangudarasaku marang wengi
sing kebacut anggone nguja sepi

gurit iki
pangundhamanaku marang angen
kang pijer nggetuni tangan
sing durung gaduk ngrentengi lintang

ngranggeh rembulan
papan jujugane tangan kamulyan

gurit iki
tuwuh ing antarane gebyaring lintang pengarep-arep
sawise tetaunan kandheg ana rasa lan lelamunan

Gejayan, 2005
DS

Minggu, 04 Mei 2014

J A N J I

janji kang kinucap
lir duwure gunung
lan luase samodra kang biru
sliramu marang aku

lathimu dadi sirep
nilep panyawang netra
kagawa janji kang mijil
kelem ing kasunyatan

rina tumeka
wengi gumanti
dawa ngalela
ora beda

Jebul kabeh janji, amung ngimpi

kotabumi, 04 mei 2014
DS

Jumat, 02 Mei 2014

S E P A

kepengin rasane bisa mumbul ana ing tawang
kekitrang
sinentor angin sungsang
ngluwar sakehing rerenggan
kumleyang tanpa sanggan

bisa ngrangeh kumrelipe lintang
bisa nggrayang eseme rembulan
sing biyen nate aweh pepadhang
ing kalane kapang

eman sing kasisa mung kari remukane ambegan
sing nyoba ngunjal sakehing panandhang
lan sengklehe pang-pang gegayuhan
kang rutuh katendhang
lungite warayang


Kotabumi, 2 mei 2014
DS