ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 31 Juli 2014

CRITA WENGI

langit wus laburan peteng
godhong-godhong padha anteng
kesaput pedhut ampak-ampak katrem
satengahe hawa adhem
amem-amem


ahh, wengiku
sawangen iki
kangenku mbrebes mili
kapisah dening gandhulane ati

ing endi anget alembanane lintangmu, Yayi
sumurupa yen sepi wis suwe njuwing ati
banjur kapan rembulan bakal bali leladhan
ing birune tawang
katresnan

Kotabumi, 31 juli 2014
DS

Jumat, 25 Juli 2014

N G L A N G U T

nganti seprene
jebul aku ora kuwawa
kanggo nyirnakake rasa sih tresnaku marang sliramu
marang tetalian batin, sing satemene luput yen terus dirumati

pancen jroning ati iki isih kaliput kangen kang nebet
nanging rasa kangen kang ora beda kaya tembung kapang
sing kaucapake gegodhongan marang angin
sawuse kembang-kembange padha gogrog
prapta ing bumi

kanyatan wus lumaku adoh, Kang
kanyatan wus lumaku adoh.

kotabumi, 25 juli 2014

DS

Kamis, 24 Juli 2014

OHH IMPENKU

lemah-lemah cengkar bera lan nglungka
kelangan bun-bun kang biasane gumuyu rena
temah kembang wis ora bisa meneh ngrembaka
kepangan mangsa


ohh, impenku tatu biru
nglinthing katuding wektu
ing kangenmu guritku rempu


Kotabumi, Lingsir sore
DS

Kamis, 10 Juli 2014

SEKARING ATI

ilang ana ngendi jembar padhange tawang pasuryamu, Yayi
taman aku nandur ewoning lintang-lintang
ing antaraning lungit sorot angeting sesotya
lan endah ngujiwate esem pangalembana

ilang ana ngendi resik beninge tawang pasuryamu, Yayi
papan aku nglarung sakehing reridhu
papan aku necep sari manising madu

tresnamu

iba sepane nalika kabeh lunga
sabab ing tawang pasuryamu
ing esem ngujiwatmu
nate dakgadhangke rasa sih tresnaku

Kotabumi, 09 juli 2014
DS

S E P I

aku isih ing kene, kang
antaraning pangangening tawang kita
sangisore damar gantung lan tarupala
jroning omah joglo gapuk pereng arjuna

yen sliramu pengin ngerti ana rasa apa
garinge kaya pangeluse angin ketiga
kang ngelak tumuruhe bun-bun tresna
netes bantala

yen sliramu takon ana swasana apa
sepine ora nganggo ukara mbok menawa
kaya lintang-lintang wengi
kaya konang-konang sepi
dhewekan...!!!

Ing tepis wiringe kasunyatan

DS

Sabtu, 05 Juli 2014

CRITA SORE

ing kene aku lan kowe
nate diampirake angin sore
bawa rasa ngonceki cangkrimane gegodhongan
sadurunge ilang gogrok dadi larahan

ing kene aku lan kowe
nate bareng lungguh sesandhingan
sarimbit nggambar wewangunane pertamanan
kalane sore lingsir manjing ing pesamunan

lan nganti seprene
aku lan kowe isih ngambah dalan kang seje
nadyan wus maewu-ewu crita sore karonce
isih durung bisa kababar kapan tancep kayone

Kotabumi, 05 juli 2014
DS

Jumat, 04 Juli 2014

WERDINING SEPI

yen kumrelipe konang ing tegalmu, Yayi
ora bisa meneh gawe padhange wengi
apa isih ana pengarep-arep kanggo
ngrantu tekane rembulan ndhadhari


saupama kembang wis kadung gogrog
katerak rosane angin wengi
saora-orane isih ana lintang siwi
kang bisa gawe padhange ati


mara sanjaa ing dhadhaku
bebarengan nyawang lumakuning angin
mbokmenawa saka kono kita bisa ngerti
yen dudu mung peteng kang bisa gawe tatune ati


Kotabumi, 04 juli 2014
DS

Kamis, 03 Juli 2014

ING LELAMUNAN

yen keketeg
nyendhal jejantung
gegawangan lakuning angen
pindha ublik melip-melip
sajak wegah aweh padhange urip

adoh daksawatke panyawangku
ing antaraning lamure pangarep-arep

sing kethawilan ngranggeh pange impen
lan nggayuh geyonganing kayun
kang sangsaya adoh
tebane

srengenge wus sumendhe tawang, kang
srengenge wus sumendhe tawang
pindha atiku keplatrang, kebimbang
ing lelamunan

kotabumi, 3 juli 2014
DS

Selasa, 01 Juli 2014

GURIT PITAKON

dakranggeh pucuk metelunge pangarep-arep
saderma takon : apa isih ana crita seje ing kene
kanggo dina tembe

dakturuti kridhaning ati saktlemik
saderma takon : apa isih ana pangarepan ing kene
marang udan wayah sore

ahh, kekasihku
apa isih ana critane langit biru
apa isih ana rob ilining madu
sauntara ati iki wis tatu biru
rinegem ing eri mangu

Kotabumi, lingsir sore
DS