ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Rabu, 27 Agustus 2014

K A N Y A T A N

daktemu tetes atise bun ing netramu
isih padha kaya deksemana
nalika perih keket rinengkuh ana dhadha


kanyatan wus lumaku adoh, Yayi
wus lumaku adoh
kekejera kaya ngapa
sengara kae wus selot cetha


mara dakruket anggamu
bebarengan nyawang birune kanyatan
satengahe rasa kapang kang tan bisa uwal
satengahe seseg remugane ambegan
sarimbit ngeja aksarane pepisahan


Kotabumi, 25, agustus 2014
TS

Kamis, 21 Agustus 2014

KONANG KANGGO WENGIMU

Yayi, wengi iki aku ora bisa ngirim padhange rembulan
kaya sing saben-saben dakjanjekake
ing tawang sepi wengi-wengimu
jalaran impen-impen nyulaki tawang
jugar ketrajang lungite udan


dadia tirakatmu, Yayi
yen wengi iki aku mung bisa ngirim kumrelipe konang
lan sagatra cakepane tembang
ing kono kababar werdining pepadhang
yen ta sejatine peteng iku wis ora meneh dadi pepalang


kotabumi, 21 agustus 2014
dening  : Tejo Siswoyo
kanggo : Dyah Sekartadji