ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Sabtu, 29 November 2014

ISIH KASISA

isih kasisa
manise esemu deksemana
lan sampurnaning pepujan asmaradana


isih karasa
sempyoking banyu sengsem agawe esem
saka weninging tlaga pasuryanmu


ngenani sliramu
pancen bangetku angel kanggo
ninggalake wektu


(panrawang suwung, ngrenda katresanan semana kang ngrembuyung)

Kotabumi, 29 November 2014
DS

Senin, 24 November 2014

NGEJA AKSARANE KASEPEN

ambegan dawa
binarung kidung pangudarasa
ahh, mungguh rasa iku isih ana


pupus semu
luh lan esem iku
liru liring bisu


Gusti
ya gene pedhut kacubriyan iki
kok umbar rina wengi


ing pringgitan tritis kasepen
dak entha astamu
ngranggeh lan nelungake
pange impen


Kotabumi, 24 November 2014
DS

Sabtu, 22 November 2014

C U T H E L

dak ungkuri dalan-dalan rumpil
walaka aku wis jinja
kanggo ngenam cuwilane trisna


walaka aku wis kesel
nganglang kekiter wewuyungan
Ing ndhuwur tlaga wening pangarepan


dak kekepi impen-impen
ngaras duwung kasunyatan
ngebur lembar-lembar katresnan


(ping-pira lawase aku lan kowe, ketungkul nelungake pange rawe)

Kotabumi, 17 November 2014
DS

Minggu, 16 November 2014

MAWAR ABANG

sagagang mawar abang
dak ulungke mring sliramu
wenehana papan kanggo kalodhangan
ing atimu

 

aja sanggarunggi
lamun akeh eri mangu
kebak wisa rupa biru

 

keket regema ing astamu
dimen mblabar getih asihmu
kinen kasdu binuka korining atimu

 

edhum netramu
sinungging esem semu
banjur bebisik ing talinganku
" Kang, aku wus ana sing ndhaku "

 

Kotabumi, 16, November 2014
DS

LEMBAR NOSTALGIA

rasane kaya mecaki dalan sing nate kaliwati
kanthi rasa kangen sing mamring
apa ta sing direngga rasa...?

 

nalika goreh nawani branange panggresah
marikelu ngirat rantase panjangka
sepa ririh nganyut jiwa
prasasat tan eling dina

 

ahh...
ngangeni latu
satemah dadi candu
kanggo ngundang impen-impen sing keburu
ninggalake wektu

 

(Banjur ana ngendi bakal daklari cicire impen, sauntara ilat lan lathi ketungkul ngeja aksarane kasepen).

 

kotabumi, 11 november 2014
DS

Senin, 10 November 2014

TETEPA DADI IMPENKU

pira-pira lawase
aku lan kowe
ngambah dalan kang seje

 

paran Kakang
sepi gebyare lintang
suwung poyang-payingan

 

tetepa dadi impenku, Kang
engga tumekane kapan
bakal bali maneh kaya sedya kala, lan
dadi esem kanggoku ing dalem lumaku
ana dalan iki

 

tetepa dadi impenku, Kang.

 

Kotabumi, 10 November 2014
DS

Selasa, 04 November 2014

MUNG WEWAYANGAN

aku wis kesel mung dadi wewayanganmu, Kang
nyatane kabeh mung impen semu
ngulandara lan muspra
cinandhet rasa kang nyangking tatu

aku wis kesel mung dadi wewayanganmu, Kang
yen katresnan jinja lan cidra
nyatane lelakonku dudu lelakonmu
becik nyawijia mring lakon enggal, lan
mungkura saka pangangenku

eling mring kapangmu
kuwi dudu kapangku
eling mring tresnaku
kuwi dudu katresnanku meneh

pancen aku dudu banowati
kowe dudu janaka
pijer iki impen kang kudu kasimpen
lakonmu dudu lakonku
lan aku wus bosen nyidra impen

aku isih kelingan
marang sekabehing pangeman
rikala tukar rasa
liru kangen
ing pucuking lambe

lambemu
lambeku
wus
kobong

ahh..sapa sing ngerti....?

(ing ndhuwur wit trembesi garing, urip lan nasib nangis bareng guling-guling).

Kotabumi, 4 nov, 2014
DS