ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Selasa, 31 Maret 2015

NALIKA SURYA GUMLEWANG

mungguh dudu rumpile dalan
adreng kareb tansah lumayu
kebak pengarep sesandhingan
lawas kandheg ing pandulu


ngungun ngaras pangilon suwung
ngener lacak lakuning jantra
geter ati nganami kluwung
endahe trisna dhek semana

manglung srengenge ngosik larapan
ngrungkeb kapang kang kepati
sesore ati kebak angenan
wewayang panglonging ati

Kotabumi, 31 maret 2015
DS

Minggu, 29 Maret 2015

KEDUWUNG

madhani ati tawang kang suwung
pijer anganthi njedhule kluwung
ngrangin kekidung layung-layung
nimas, bangete sepa rasane duwung


Kotabumi, 29 maret 2015
DS

Sabtu, 28 Maret 2015

SINDHUNG PRAHARA

apa mung arep sesenthiran lenga patra
mukti wibawa lenggah bubut kencana
rembug gayeng bawarasa klawan kaki guru lan narada
isuk lan sore medhar sabda


ya gustiku, ya sesembahanku
dudu perkara landhepe kuntawijaya
apa ampuhe pedhang sokayana
kawulamu kae wus wareg tembung nggladrah
apa wayang-wayang rucah isih arep wae kok prentah


apa ora isin noleh mburi
janji-janji wus kaukir dadi prasasti
kawulamu kang urip pinggir kali
impene pijer ilang kenyut keli


ngelinga
yen ana songsong tunggul naga
megar wayah candhikala
lan jamus kalimasada kelangan aksara
iku pratandha kursi sejati wus malik dadi
siyunge banaspati


(sadalan-dalan aku weruh dhewe impene kawula den udal-udal
kececeran turut lurung turut tegalan, swarane tumangsang ngebaki ayang-ayang).


Kotabumi, 28 maret 2015
DS

Jumat, 27 Maret 2015

TRESNA SUDRA

yen pancen ora ana rasa percaya
wis ta yayi
aja pijer pangaruara


pancen burem kaca sapa aku iki
aja ketungkul ngenteni sitaresmi
tunggak jati ora mesthi kudu semi


ora bakal ana pethite kala
ora bakal ana lidhahing bagaskara
lan pepadhange urip kebak mutyara


sangarepku mung pang-pang semboja lan
maesan tuwa wewangunane sudra


Kotabumi, 27 maret 2015
DS

Senin, 23 Maret 2015

K A Y U N G Y U N

sepira dawane ati
kang jumangkah ngemu sewu wewadi
lir konang kang pijer rebutan dolanan geni

sapa kang nyimpen sepi
ati adreng mawas pucuke jati
kang gumelar samar ing laladhan sepi

bokmenawa mung kadereng angen
sepi ngambung lingiring amem
sing nuwuhake tatu berem

apa merga trisna wus kelangan pangaribawa
kelunta-lunta ajer ngelus pitakon dawa
:dasih, bangetku kapang kepengin wujudmu sanyata

Kotabumi, 23 maret 2015
DS

Sabtu, 21 Maret 2015

SRENGENGE WUS SUMENDHE TAWANG

(nalika angin wit sumilir, ya gene kowe ndadak nglilir)

apa isih ndadak mamerake perih
nalika wektu prasapa marang curesing warih
pijer ngrerepa ngarih-arih

apa isih ngaru-aru pengin bali
nepusi kontale tali asih sing wus getas
dipangan angin lan panas

lan aku wus nglenggana
lelandhesan rasa eklas
sing ora cinupet dening kanyatan

mungguh jembaring kalangan
aku wis marem nyawang lintang

kotabumi, 21 maret 2015
DS

Kamis, 19 Maret 2015

EPILOG KUNTHI

O, Kunthi
ya gene isih pijer ngesok eluh garing
ing ara-ara sepi mamring


gya rucaten kabeh lelakon
kang ngrerujit rubeting tapih
kareben bisa nglalekake critane bayi abang
sing boktinggal lunga ing sapinggiring banyu bengawan
tan wurunga
basukarna wus pralaya ing tegalan
kurusetra


Kotabumi, 19 maret 2015
DS

Rabu, 18 Maret 2015

K A L E P Y A N

apa isih ajeg miwiri kangen
kanggo ngungsekake rasa perih
kang suwe ngelak pangusap
kareben bisa maca ayang-ayange
kaya samangsa crita isih sumendhe


ywa kongsi adreng jro ulegan
anut paraning camar kasmaran
tumlawung kekiter wewuyungan
tan wurunga
sesotya wus musna saka embanan


(pijer tembang ngrujit tangis tawang-tawang, kalepyan crita mungkur kacintrakan).

Kotabumi, 18 maret 2015
DS

Selasa, 17 Maret 2015

NALIKA SONYA ANELAHI MEGA

wis adoh jangkahe
awangun sandi asmara
mecaki dalan sidhatan
rungkut landhepe ri bebondhotan


ya gene
isih ana salarik panggresah sing gogrog
samangsa tawang wus ora saguh kenunutan
damar pandoming pepadhang


banjur apa
paripeksa dakpunggel sepa
kaya samangsa angslupe bagaskara
nalika sonya anelahi mega


Kotabumi, 17 maret 2015
DS

Sabtu, 14 Maret 2015

ORA MAIDO

pet tawang'ira sintru ing rasa
kalamun ngreksa kledhang wewayangku
jer nuwuhke kabiwada deduka
aku mung lintang siwi
sing ora nduweni aji
kanggo jejer saresmi
tumrap purnama sidhi

kotabumi, 14 maret 2015
DS

Kamis, 12 Maret 2015

SAIRIS CRITA

aja sliramu banjur nduweni panduga
aku dudu bandung bandawasa kang mapag playumu
nalika sewu candi wis kasil dakripta


aku uga dudu rangga lawe
kang bakal nagih janji
nalika kasil ndobrak benteng singosari


awake dhewe uga dudu basukarna lan arjuna
sing kudu adu gaman ligan ing palagan kurusetra
ing patemon iki aku mung pengin kandha
iki anakmu genten openana


kotabumi, 11 maret 2015
DS

Selasa, 10 Maret 2015

NGLENGGANA

yen pancen langit kudu diiris
wis ta yayi, aja ketungkul pijer tangis
ora-orane yen crita iki bakal malih dadi wengis


angger guyumu isih katutan bayu
nyilakake mendhung klawu
lan astamu isih kuwawu
ngaras bedhekane langit biru
nadyan dudu purnama sing dak pajang ana
tawang atiku


Kotabumi, 10 Maret 2015
DS

Minggu, 08 Maret 2015

ING DINA KEBAK PUSPA

sing teka padha asung pandonga
kekanthi bebungah werna lan rupa
sawuse dhampar kencana dilali wengi
kamar penganten bali sepi


Malang, semana 2006
DS