ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 22 Januari 2015

LAYANG MARANG KEKASIH

teneh apa
apa meneh sing mesthi daksranti
genah rembulan kae wis mlayu
nurut ilining ati tatu


aku wus kok lirwakake
ing kahanan kang linapis emas suwung
kanthi getering sepi asepah samun
kebak dening pangamun-amun


aku wus kok lalekake
ing kahanan gedhong pasiksan
kedhadhung, ketlikung
ing sepi keteg cuwilan tembung


pedah apa krelip sesotya
maesi endah saranduning angga
yen ta tanpa ana crita
ilining jantra madu branta


ati iki dudu...
reca paesan kiwa tengene gapura.


Kotabumi, 22 januari 2015
DS

K A N Y A T A N

ora kurang nggonku ngrerepa
manuhara nuju prana
parandene ora tumiyung
rembulane kekaling mendhung


ah, kekasih
sapa sing cidra sapa sing jinja
lakon iki dudu pepesthen
pijer iki impen kang kudu kasimpen
ing pojoke kangen


nanging branta wus rojah-rajeh
karajut dening kahanan
nyuwek jantungku
mbeler atiku
lan aku wus kebacut nyidra impen.


Kotabumi, 16, Januari 2015
DS