ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Jumat, 26 Juni 2015

GURITAN WAYU

lan aku isih ing kene : karo wewayangmu
maesi rembulan bitha-bithu
ah, bangete nebet tilas wewiru

apa salah yen aku saba ing tawangmu
lurung mega kang gawe ati keplantrang, kebimbang
apa salah yen aku nyirami kembang kang alum
apa aku keduwung ing eri mangu....?

lan aku isih ing kene : nganti lumingsire dalu
bebarengan bang wetan, ilang karo
:guritan wayu

Kotabumi, 26 juni 2015
DS

Rabu, 24 Juni 2015

LINTANG PANJER SORE

surup anapak nglangut
kethawilan ngranggeh bebaturane wengi
impen semana sarimbit pagut
panjer sore tansah mblerengi


candhik lamur kebak asih
ngliga angen sesunaran
netra kembeng alon lilih
ing cahyamu ngudhar sambatan


yutan larik gatra binuwang
sarwa geseh perih ing keteg
sesore ati ngekebi kapang
dhuh nimas, ing kapan mbengkas penyawang rumpeg...?


Kotabumi, 24 juni 2015
DS

Selasa, 23 Juni 2015

PETHIKNA REMBULAN BU

ing latar taman
arum ganda ngebaki wengi
kluwung peni kalangan biru
mimbik-mimbik neter panjaluk
jarik kawung ngemban tangismu


pethikna rembulan bu
pethikna rembulan
aku kepengin masang sunare
ing empyak bangka njero kamarku


pethikna lumintang bu
pethikna lumintang
aku kepengin masang krelipe
ing kedhep liring netra kang biru


pethikna rembulan bu
pethikna lumintang
arep tak nggo sangu turu
nyapih tintrim petenging dalu


kotabumi, 23 juni 2015
DS

Senin, 22 Juni 2015

K E K I T R A N G

wengi anapak manglong
metani kedhepe lintang
ngegla semana wulane moblong
sarimbit runtung angudal kapang


adoh kelakon rumpil jinangka
kangen sumampir ing pang turi
tansah gogrok lumiwat mangsa
lamun ta sak mengko bakal ndharbeni


mbacut lumaku ngiter angenan
mipil jembar birune tawang
ing panjer wengi nyutak tab-taban
dhuh nimas ati sun kitrang


Kotabumi, madya ratri
DS

Senin, 08 Juni 2015

LINTANG SINGIDAN

mumpung isih ana guritan alam kang ngukir lembarane wektu
tangia Yayi, nglipur sesotya
nembang katentreman
binarung bun lan wangine mawar angambar


mesakake impi
mung kok kemuli tilas wewiru
gombal amoh suwirane slendhang
panggadhang


mbokmenawa mung turahan rasa
kang tansah ngrujit biruning tatu
lan keliping lintang
wengi iku


kaningaya ngapa isih nggambari tawang
rembulan kae rak wus growal-growal
rupane wus potheng-potheng
saben wengi mbok cuwil kanggo nambali kapang


Kotabumi, 27 Mei 2015
DS

TEMBANG KAPANG

ana saperangan impen kuwi bali kumledhang
ndhungkari gegrumbul lan
pang-pang kang tumelung
prampang


lawas ing atiku, nimas
nggetuni sepira jerone tapak-tapak sing nebet
tumrap tatu-tatu sejarah dina mburi
ahh, munggwa biyen linabuhi


lekasa angambar sruni
ngruket ngalem ngganda wangi
kaya samangsa mekroke kembang
saguh sumanggem ngayomi ati


Kotabumi, 08 juni 2015
DS