ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Sabtu, 15 Agustus 2015

O, KAMARDIKAN

jejer-jejer
tharik-tharik
barisan sumaguh
batik lurik roncen sorjan
abang putih kothak-kothak
jare semanak


awan wengi medhar sabda
donga tetulak edhume lemah sangar
saguh-sumanggem njunjung prasasti
ngobar pangincim mbengkas angkara
ing waliking dimar ublik
ting miring sapinggiring dalan
panggadhang


O, kamardikan
luh abang mblabar mbanjiri
ati-ati kerahinan
nyawang bapak nganggo dhasi
ngisis gingsul pista kanikmatan
anggur abang bumi pertiwi


(sadalan-dalan atine kawula den udal-udal kececeran, dadi tumbal omah gadhen tanpa tebusan)

Kotabumi, 15 Agustus 2015
DS

Selasa, 11 Agustus 2015

K E D U W U N G

dak prangguli kekes punjere wengi
ngrangin panjerite suling dumeling
ing nglangut sepine lintang
ndhedhet langit kang ora tau nyawang
reroncene rembulan jembar kalangan

dak tintingi kidung tresna ngrembuyung
aku kang ora tau bisa ajar kenal marang konang
aku kang ora tau ngadhang angin kasmaran
pawewehmu wingi

o, nimas
aku kang ora wani
nyabrang kreteg impen kawuri
: kerahinan
kedhisikan sumorote surya
kanyatan

(tapel wates sinengker wingit, ngungun anyawang klawune anggit)

Kotabumi, 11 agustus 2015
DS

Senin, 10 Agustus 2015

ARUM DALU

jero ing atiku nimas
angin ketiga nyangking banyu katresnan rendheng
ngundang baline pucuk-pucuk semi
ngrembuyunge godhong jati


apa wus mbok pikut gumerite lawang kita
lan nyuguhake anggur ati
kanggo necep jatine rasa
ngrangine tembang-tembang kapang
ngambar arum gegancangan
nasak lungsete sepre abang


Kotabumi, 10 agustus 2015
DS

Jumat, 07 Agustus 2015

KLUWUNG RAHINA

pecak jangkah kekes rinasa
bun tintrim ing plataran
getun anyawang cathetan muspra
ing esemu nimas dak abur angenan


luweng nadhi nitir pangrasa
rumpeg ing dhadha nenutuh kapang
ngegeter eling liring semana
baya sarimbit bali ngegancang


ajeg lumaku nglangut ing rasa
kelu nalika wanci bang wetan semburat
sempoyangan nggendhong kluwung rahina
natas tumlawung wurung kinemat


kotabumi, 06 agustus 2015
DS