ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 19 November 2015

MUNGGWA ESEMU NGAMBAR

getir mulasi tawanging crita
napas lawas rina wengi liru sepa
abang getih pingget jero nggurat dhadha
nostalgia mili ngeleb sayune rupa


saungkure rembulan
dhedhet langit tintrim bun ing plataran
ati rangu ngaras duwung kasunyatan
jejel riyel ati kesel kerahinan


jumangkah ngiring surya makantar
lampah laku samya samar
angajab arum mekroke mawar
surup kok papag esemu ngambar


Kotabumi, 18 November 2015
DS

Sabtu, 07 November 2015

K A P A N G

udan dhek bengi
semi pucuking mlathi
miyak crita kawuri

eling semana
kawitan tempuking netra
liwung jagad rinasa

liring mbok balang
nunjem dhadha kumrangsang
lelimengan

kebak pangentha
endah runtung ing mega
kombul lelana

kadadak jugar
gludhug mblandhang angampar
kluwung awurung megar

nglokro sedheku
pupus amarikelu
bareng wewayangmu

telung ketiga seprene
impen isih sumendhe
ing langit kene

dak lali-lali
ing ireng letheke kopi
legi tansah mili

slendhangmu abang
kobar mawane mbranang
dasih, ati sun kapang


Kotabumi, 07 November 2015
DS