ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Jumat, 30 Desember 2016

MARANG WEKTU

isih katon garising kledhangmu
antaraning ririse grimis anyapu lebu
antaraning iline napas mingseg amburu 
sore iku
dadia watu
dadia banyu
dadia klawu
utawa balia dadi lebu 
cah ayu, ing kene sliramu tansah dak antu.

Kotabumi, pungkasane taun 2016
TS

Selasa, 13 Desember 2016

DAK GURIT IGAMU


dak gurit igamu
nalika wengi kasingid sunare rembulan
lan tintrim wus kebacut nyulam kelu
nunjem-nunjem jerone kalbu


banjur apa meneh sing bisa dak pasrahake
yen langit wus laburan peteng
yen biru wus malih ireng
kelire rasa sansaya muspra


dak gurit igamu
antaraning rangkulane lengen lan pupu
kareben kringet kita bareng tumetes
nelesi lemah nela
keli mili bebarengan iline napas
ngligane gincu.


Kotabumi, 13 Desember 2016
DS

Rabu, 07 Desember 2016

ATASE KANGEN

dakaras lena
njlarit kluwunge mega
ing langit kana


semburat abang
candhik wanci sore
ninggal papanne


esem semana
sung kumanthil netra
kawure rasa


nebet tilase
nyithak angen sumendhe
ing latar kene


lawas gumlewang
getir tansah angembang
sora anggadhang


kebak pengarep
nggetih adrenging kareb
gemulak tan bisa meneb


balang liringe
isih katon-katonen
dhuh nimas, atase kangen


Kotabumi, 06 Desember 2016
DS

WEWAYANG SEMI

wayu tumelung
kawur anyawang semboja biru
ngruket ati
ing tritising sepi


crita lan sliramu sing sumare wingi
nebet tansah mili
dakarah ijo ngungkuli
ngrembuyunge karang kitri


crita lan sliramu sing sumare wingi
dakdhekep kenceng keket ngungkuli
poma mbesuk sirna sumewa bali


dupi tumelung wanci
ndhedhet mamring jroning ati
rumpil
napaki dina mburi
kang tansah beksan kumanthil
nggeter mblerengi


Kotabumi, 06 Desember 2016
DS