ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Sabtu, 23 Januari 2016

GATRA TATU


dohing panyawang
nyingkur laku seprene
kelu jero ngreranta
kapang


ing pangiraku
isih ana gurit ayu
sesekaran ngrenda wektu
ngrajut esem lungsete tatu
tilas wewiru


o kama, o ratih
apa ana kang luwih endah
saka amem esem kang semu
saka netra cowong kelayu
ing pasuryan panggurit rangu
:ngaras lan ngekebi katresnan wayu


Kotabumi, 23 januari 2016
DS

Jumat, 22 Januari 2016

ANGGUR ABANG

wengi rumambat anguja rangu
alon dakcecep legimu eman
melip angen ngawiyat biru
ngentha rembulan sesunaran


gapuk impen lena ing wektu
mubeng sapala gegancangan
adreng lumebu segara madu
ing anggur abang ngudhar sambatan


geter-geter sloki ing tangan
kawur wewayang samar kadulu
sewengi klebus cicire inuman
getir tan uwal ngregem kridhamu


Kotabumi, 22 januari 2016
DS