ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Sabtu, 30 September 2017

ARUM DALU ING DHUWUR SLAMBU

arum dalu, arum dalu
liring esem abang gincu
arume wengi, arum wengi
ya gene sih sore wus ngganda wangi?

edhum netramu
awor esem larang guyu
nabuh titir geter jantungku
dhuh nimas
aku kepayang ing lirih swara bebisikmu
"kakang wengi iki lintang iku dhuwekmu"

dak arasi lunyune pupu
dakpacaki legok genenge sangupanmu
ireng pedhut kang ngemuli gunung-gunungmu
manggang rasa lanang Ian greged kelu
ayo nimas, lelangen ing segara madu

langit samun jinem
mripatmu merem
slambu gonjing jagad kelap-kelap lerem
kringet mampet amem amem
o, mlatiku- o, mlathiku
mekrokmu kok ora lencu
ajeg putih tanpa tetesing getih?


Kotabumi, 30 September 2017
DS

Senin, 18 September 2017

LUNGITING ASMARA

dak lampu-lampu rerambatane mega
nadyan ngliga gambarku ing kana
ewa semana wus ana paraga sujaga liya
apa kesaput nggembulenging cuwa?


wus dakjangka tindakmu mring tlapukaning mangsa
jenengmu lena wujudmu rasa
ewasemana trisnaku-trisnamu reca
apa bengkah ing lempitaning sanggan kita ?


daklela-lela atining sutra
benang abang kang rantas saka panjangka
labuh-lebet roncen kang muspra
Kakang, apa aku kuwawa?


ing perang kreteg dalan sabrangan
ing lumah kurebe rasa asih lan tembang pepisahan
nglangut lagune, perih atine
lungiting asmara, lungiting asmara


Kotabumi, 09 September 2017
DS