ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 19 Januari 2017

AKU KANG ANA SANGAREP WEWAYANGMU


melip ndhedher milang wektu
candhik lingsir amarikelu
sakmangsa liwat bali mlayu
perih tan uwal nguntab esemu


cicir gurit-gurit ayu
lembar lawas angreridhu
getir anyawang rembulan wayu
wengi lumingsir samun dinulu.


Kotabumi, Madya ratri
DS