ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 03 Juli 2014

ING LELAMUNAN

yen keketeg
nyendhal jejantung
gegawangan lakuning angen
pindha ublik melip-melip
sajak wegah aweh padhange urip

adoh daksawatke panyawangku
ing antaraning lamure pangarep-arep

sing kethawilan ngranggeh pange impen
lan nggayuh geyonganing kayun
kang sangsaya adoh
tebane

srengenge wus sumendhe tawang, kang
srengenge wus sumendhe tawang
pindha atiku keplatrang, kebimbang
ing lelamunan

kotabumi, 3 juli 2014
DS

Selasa, 01 Juli 2014

GURIT PITAKON

dakranggeh pucuk metelunge pangarep-arep
saderma takon : apa isih ana crita seje ing kene
kanggo dina tembe

dakturuti kridhaning ati saktlemik
saderma takon : apa isih ana pangarepan ing kene
marang udan wayah sore

ahh, kekasihku
apa isih ana critane langit biru
apa isih ana rob ilining madu
sauntara ati iki wis tatu biru
rinegem ing eri mangu

Kotabumi, lingsir sore
DS

Selasa, 24 Juni 2014

GURIT SAUPAMA

saupama biyen aku wis kok tepangake karo rembulan, Kang
mesthine wengi iki aku ora andum crita karo lintang
sing wis kesel colok pepadhang
marang birune tawang


saupama biyen aku wis kok tepangake karo konang, Kang
mesthine wengi iki bisa dakselehake sepine ati marang jogan
lan nitipake dina-dina tembe marang
lakune warayang

wengi iki isih dawa
impen iki uga isih merdika
sepi iki saya karasa sepa

apa ora ana sing luwih wigati
saliyane sepi lan sepi
ing pawewehmu wengi...?

Kotabumi, 24 juni 2014
DS

Kamis, 29 Mei 2014

C U T H E L

dakungkuri pereng wektu mawa panggresah
kareben ta gurit-gurit gumlasah sebah
nyatane sumiliring angin ora kuwawa
nitir gegadhangan kebak panjangka


dakungkuri pereng napas kebak kapang
nyatane ati iki mung keplatrang, kebimbang
kaya dene ngoyok rembulan kerahinan
ing pucuke tawang


kanyatan wus lumaku adoh, kang
kanyatan wus lumaku adoh
nyatane sumiliring angin mung kuwawa
nggambar patemon sing ginaris ing lembar nostalgia


apa isih ana sing saguh cawis klasa gelaran
papan mirunggan kanggo ngrembug biruning tawang
kang setya nyimpen sewu pepadhang
nglaras ngrangine langgam panguripan...?


kotabumi, 29 mei 2014
DS

Kamis, 22 Mei 2014

R E M B U L A N

kang
rembulan kae apa ya isih duweku
awit saikine wis ora nate katon ing tawang biru
apa pancen wis kepangan kala rahu...?

kang
rembulan kae apa ya isih duweku
awit sing kasawang mung nggembulenge mega peteng

ameng-ameng

ahh, wengiku
apa sing dek wingi ilang bakal bali kumledhang
apa sing wingi kaliwatan bakal bali ing kiwa tengene dalan
sauntara grimis wis kawiwitan dadi udan
apa bakal bisa oncat nebusi pepadhang

yen rembulan mengko wengi ndadari, kang
aku lila sewengi muput ana kene
ora maelu adheme pedhut lan
apa wae kang memalang laku
uga umpamane sesuk kuwi mujudake dina kang pungkasan
aku lila
ngubur sekabehing pitakon
marang wektu

kotabumi, 22 mei 2014
DS

NEGARA KERE II

ingendi dununge katentreman
awit kahanan wis ora nyawisake papan
kanggo pisambat lan
ngutahake pangrasane rakyat
sabab kabeh panguwasa
padha rumangsa wis dadi malaekat
 

hee,,panguwasa....!!!
galo sawangen
matamu rak ya weruh ta
bengawane padha asat
iwake megap-megap
padha ngelak gorokane

ya gene kowe kok mung pamer esem rupa kucem
kok gendhong, kok indhit
jebul isine mung genthong-genthong mlompong
lan mblegendhuke weteng kadut isi wisa sarta
jerohan rempela atine kawula
sing kok kaniaya

sadawaning dalan sing ana mung pipihan gombal ora pakra
kanggo sumpel kupinge jaran lan
kacamata ireng jebul ora tembus panyawang...!!!

SIKAT... !!! GASAK... !!!
SRUDUK...!!! MAJUUU...!!!
ASU...!!!!
 

Kotabumi, 10 mei 2014
DS

NEGARA KERE

apa negara iki wis kere tenan ta, paman
awit aku weruh playune uwong oyak-oyakan
ngoyok rembulan kerahinan

apa negara iki wis kere tenan ta, bibi
awit kayu-kayu sengkleh dibabati
kaspe-kaspe tanpa aji
gaplek-gaplek dipepeni
pawone wis ora bisa ngukus ambune dangdangan pari
lan angete kopi wis ilang tanpa lari

banjur sapa...?
sapa sing arep gugat marang isen-isening jagad
sing pijer royokan brekat
tan keguh kidung pangruwat

kotabumi, madya ratri

DS