ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Rabu, 18 Maret 2015

K A L E P Y A N

apa isih ajeg miwiri kangen
kanggo ngungsekake rasa perih
kang suwe ngelak pangusap
kareben bisa maca ayang-ayange
kaya samangsa crita isih sumendhe


ywa kongsi adreng jro ulegan
anut paraning camar kasmaran
tumlawung kekiter wewuyungan
tan wurunga
sesotya wus musna saka embanan


(pijer tembang ngrujit tangis tawang-tawang, kalepyan crita mungkur kacintrakan).

Kotabumi, 18 maret 2015
DS

Selasa, 17 Maret 2015

NALIKA SONYA ANELAHI MEGA

wis adoh jangkahe
awangun sandi asmara
mecaki dalan sidhatan
rungkut landhepe ri bebondhotan


ya gene
isih ana salarik panggresah sing gogrog
samangsa tawang wus ora saguh kenunutan
damar pandoming pepadhang


banjur apa
paripeksa dakpunggel sepa
kaya samangsa angslupe bagaskara
nalika sonya anelahi mega


Kotabumi, 17 maret 2015
DS

Sabtu, 14 Maret 2015

ORA MAIDO

pet tawang'ira sintru ing rasa
kalamun ngreksa kledhang wewayangku
jer nuwuhke kabiwada deduka
aku mung lintang siwi
sing ora nduweni aji
kanggo jejer saresmi
tumrap purnama sidhi

kotabumi, 14 maret 2015
DS

Kamis, 12 Maret 2015

SAIRIS CRITA

aja sliramu banjur nduweni panduga
aku dudu bandung bandawasa kang mapag playumu
nalika sewu candi wis kasil dakripta


aku uga dudu rangga lawe
kang bakal nagih janji
nalika kasil ndobrak benteng singosari


awake dhewe uga dudu basukarna lan arjuna
sing kudu adu gaman ligan ing palagan kurusetra
ing patemon iki aku mung pengin kandha
iki anakmu genten openana


kotabumi, 11 maret 2015
DS

Selasa, 10 Maret 2015

NGLENGGANA

yen pancen langit kudu diiris
wis ta yayi, aja ketungkul pijer tangis
ora-orane yen crita iki bakal malih dadi wengis


angger guyumu isih katutan bayu
nyilakake mendhung klawu
lan astamu isih kuwawu
ngaras bedhekane langit biru
nadyan dudu purnama sing dak pajang ana
tawang atiku


Kotabumi, 10 Maret 2015
DS

Minggu, 08 Maret 2015

ING DINA KEBAK PUSPA

sing teka padha asung pandonga
kekanthi bebungah werna lan rupa
sawuse dhampar kencana dilali wengi
kamar penganten bali sepi


Malang, semana 2006
DS

Rabu, 25 Februari 2015

SISIK PANGGODHA

wengi wiwit jumangkah
kekemul pedhut kang peteng
legeg nyenyet
nutuh krenteg
esem kucem, ngrengga pojoke lathi


pengin dakleremake jangkah
kang sangsaya sayah negesi
rumpile dalan pangumbaran
adoh sinawang


pengin daklodhangake wektu ing kene
nggurit gatraning crita nalika wengi isih ngemu pitakon
samangsa kalangan wus ora saguh kenunutan ;
salaksa lintang, suluh rembulan


nyatane sing ana mung prasapa kumrelipe konang
kang mung apus-apus aweh pepadhang
nalika cangkrimane wengi isih durung bisa kabatang.


Kotabumi, 25 februari 2015
DS