gumonthang jam bandul : karebmu apa..? nginger ngalun sulih mangsa macak rembulan lan bagaskara ora-orane aku bakal lunga salumah murebe kasepen kang dawa sadurunge wektu bisa maca :cangkrimane kukus dupa
lan aku isih ing kene : karo wewayangmu maesi rembulan bitha-bithu ah, bangete nebet tilas wewiru
apa salah yen aku saba ing tawangmu lurung mega kang gawe ati keplantrang, kebimbang apa salah yen aku nyirami kembang kang alum apa aku keduwung ing eri mangu....?
lan aku isih ing kene : nganti lumingsire dalu bebarengan bang wetan, ilang karo :guritan wayu