ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Rabu, 07 Desember 2016

ATASE KANGEN

dakaras lena
njlarit kluwunge mega
ing langit kana


semburat abang
candhik wanci sore
ninggal papanne


esem semana
sung kumanthil netra
kawure rasa


nebet tilase
nyithak angen sumendhe
ing latar kene


lawas gumlewang
getir tansah angembang
sora anggadhang


kebak pengarep
nggetih adrenging kareb
gemulak tan bisa meneb


balang liringe
isih katon-katonen
dhuh nimas, atase kangen


Kotabumi, 06 Desember 2016
DS

WEWAYANG SEMI

wayu tumelung
kawur anyawang semboja biru
ngruket ati
ing tritising sepi


crita lan sliramu sing sumare wingi
nebet tansah mili
dakarah ijo ngungkuli
ngrembuyunge karang kitri


crita lan sliramu sing sumare wingi
dakdhekep kenceng keket ngungkuli
poma mbesuk sirna sumewa bali


dupi tumelung wanci
ndhedhet mamring jroning ati
rumpil
napaki dina mburi
kang tansah beksan kumanthil
nggeter mblerengi


Kotabumi, 06 Desember 2016
DS

Kamis, 04 Februari 2016

GURITAN WAYU

tumenga nyawang endahing purnama
tumoleh nyingkur cathetan muspra
keket angregem guritan wayu
aksara nebet temumpang tatu


apa wis boktampa, nimas
kojah sewu pamiluta
sora pambengoke rasa
ing gegana ngumbar crita
ing sawayah lingsir wengi
sangisore sitaresmi
apa isih ndhuweni..?


Kotabumi, 04 Februari 2016
DS

Sabtu, 23 Januari 2016

GATRA TATU


dohing panyawang
nyingkur laku seprene
kelu jero ngreranta
kapang


ing pangiraku
isih ana gurit ayu
sesekaran ngrenda wektu
ngrajut esem lungsete tatu
tilas wewiru


o kama, o ratih
apa ana kang luwih endah
saka amem esem kang semu
saka netra cowong kelayu
ing pasuryan panggurit rangu
:ngaras lan ngekebi katresnan wayu


Kotabumi, 23 januari 2016
DS

Jumat, 22 Januari 2016

ANGGUR ABANG

wengi rumambat anguja rangu
alon dakcecep legimu eman
melip angen ngawiyat biru
ngentha rembulan sesunaran


gapuk impen lena ing wektu
mubeng sapala gegancangan
adreng lumebu segara madu
ing anggur abang ngudhar sambatan


geter-geter sloki ing tangan
kawur wewayang samar kadulu
sewengi klebus cicire inuman
getir tan uwal ngregem kridhamu


Kotabumi, 22 januari 2016
DS

Senin, 28 Desember 2015

GURIT KAYANGAN


(jaka tarub)

ya gene isih bokgurat aksarane mlathi
nganggo lungiting ganda crita luh wingi
atose watu wis ora nampa
reroncen ngliga asmaradana


geneya terus bokkidung sarung jagung
kanthi tembung-tumbung lintang keduwung
kekejera kaya ngapa
impen iku wis wayu kedaluwarsa


ya gene terus bokgurat aksarane mlathi
nganggo mingseg kapange nawang sari
kamangka rembulan uga wis paring werdi
yen ta aku saiki wis bali jejer widadari


Kotabumi, 28 Desember 2015
DS

Rabu, 23 Desember 2015

GURIT KAYANGAN


yen sendhang wus kadung mambu bathang
aja mbok gadhang kledhange sampur abang
watu gilang wus ajur sewalang-walang
nawang wulan lawas bali nyang kayangan

Kotabumi, 22 Desember 2015

DS