Kluwung Cahya awoh Kartika sumebyar Ngekeb kesumane wengi Aku mung bisa ngregrem Dhadha lan ambane ati Kanggo ngabangake kasetyan lan katresnan jati Marang slira-MU
dak gurit igamu nalika wengi kasingid sunare rembulan lan tintrim wus kebacut nyulam kelu nunjem-nunjem jerone kalbu
banjur apa meneh sing bisa dak pasrahake yen langit wus laburan peteng yen biru wus malih ireng kelire rasa sansaya muspra
dak gurit igamu antaraning rangkulane lengen lan pupu kareben kringet kita bareng tumetes nelesi lemah nela keli mili bebarengan iline napas ngligane gincu.