ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Sabtu, 24 Agustus 2013

ASMARADANA

wis ilang watese, kang
guritku lan guritmu wis manjing ing rerakiting ukara
nalika gatra mbaka gatra
kojah ngidungake sekar asmaradana

apa wis kok pasangke rembulan ing tawang kita
dimen petenging wengi ora meneh dadi memala
lan lintang-lintang bisa lelangen maesi mega

apa wis kok kemuli hyang bagaskara
dimen katrem anggone nendra
dimen lali nyunari marcapada
lan wengi iki umure dawa

wengi-wengi lan sliramu
sengsem anggonku.......

Kotabumi, 24-08-2013
DS

Kamis, 22 Agustus 2013

GURITING ATI

aku ngerti, kang
yen wengi iki kowe maca guriting atiku
sing dakanggit bareng sumilire bayu
natkalane kapang wus ora bisa kawengku

wacanen kanthi permati
kepriye carane aku kenalan karo rembulan
paseduluran karo lintang
lan memitran karo konang-konang

mbokmenawa kowe kepengin ngerti
kepriye anggonku nggusah sepi
kepriye rutuh lan kumrebele luh iki
dadi kali cilik sauruting pipi
nelahi wengi mbaka wengi
ngupadi werdining sepi

Kotabumi, ratri mulya
DS