ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Senin, 27 April 2015

CANDHIK PUNGKASAN

pantog jangkah kandheg ing kene
candhik mbranang ing pandulu
aja tumenga nimas, surupe wus sumendhe
perih ning ati ngecul tanganmu


trenyuh pepisah abot nggoceki
mamring rasa kasendhal mayang
gapuk ngregem tan kuwawa nampi
lungamu ing tlatah sabrang


aja keguh jumangkah laku
bacuta mlumpat ing protelon
den lajer liring sarta gumuyu
wis pungkas wektu kanggo sakloron


rangu andulu dalan sisihan
kareb nggregel tansah mangro
kebak pitakon ing angenan
apa isih ana esem kae sakmengko...?


Kotabumi, 22 april 2015
DS

Minggu, 19 April 2015

WATES PANGGADHANG

matumpuk uwuh ing latar taman
ajeg angembang ngganda angambar
adreng kareb sesandhingan
mekroke mawar ngrantu panglamar


kebak pitakon ing candhikala
lungkrah bayu sora anjelih
apa jangkah isih ngrembaka
makaping gogrog mangsa kasulih


bulak tintrim langite surem
bun njekut ngusap pasuryan
gregel amblabar tansaya njarem
nglangut tetangis ing pungkasan


Kotabumi, 19 april 2015
DS

NGAWIYAT BIRU

lam-lamen sarimbit nyawang purnama
ing kana biyen cetha mboksungging
mekroke kembang nglegani gantha
njlarit kluwung angganda ngliling


tempuk liring ketawang manis
keket dak regem drijimu geter
angemu madu tapising riris
ati anratap kumesar ajer


makaping sasi mangsa lumiwat
crita jumangkah mung mandheg mangu
nebet kangen esem ngujiwat
kobar impen ngawiyat biru


Kotabumi, 16 april 2015
DS

Sabtu, 11 April 2015

PANGLONG KAWURING KANYATAN

panglong peni ing mamring kluwung
nglambrang ngranggeh liring sumendhe
lungkrah bayu angrengkuh wurung
kandheg ing padhang kagol langite


plethek srengenge angubub kapang
ngobar impen mawane eman
ngunggahi kareb mataun ngglewang
ngekeb edining pangenthan


getir amblabar njola anganglang
windu lumaku nutuh kanyatan
tipak wus kawur ing panyawang
ngungun angaras wayu guritan


Kotabumi, 11 april 2015
DS

Minggu, 05 April 2015

KEMBANG TURI

(Lingsir sore, ngronce impen semana kang ngawe-awe)

Nglayung mecaki lurung kang lungit
krenteg anyawang grumbul semaya
Dalan rumpil angrerujit
Saiba katrem pang-pang semana


Aclum ngadhep angen tumelung
Adreng ngaras kembange turi
Biyen godhong ijo ngrembuyung
Lena ing mangsa gogrog mbrindhili


Surup anilap kaca pasuryan
Trenyuh kekanthen njejuwing ati
Candhik wus sumyur ing angenan
Perih andulu petenging wengi


Kotabumi, 5 april 2015
DS

Kamis, 02 April 2015

KALANE SURUP ATI KEPLANTRANG

sumedhot nguntab alon jangkahmu
rumpil dalan amecaki
mingseg anggeget lathi angemu
kawur panyawang mrebel nelesi


warsa gumingsir amarikelu
crita wus akeh sing kalepyan
nyapih kahanan kang keplayu
ngungun andulu lurung pungkasan


yutan angen wekas tangisan
bareng kelingan surup gumlewang
ndedel njola pitakonan
maring sapa dak wadul kapang


Kotabumi, 2 april 2015
DS