ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Minggu, 21 Januari 2018

CITRAMU

liring citramu kang nutuh langit
apa sih dakrangkul asmara suci
nimas kaya angin kang nyempyok
gegodhongan uga bun kang nyawur
kembang
nalika tintrim ambanyu mili, lan sliramu
ora kandheg dak wernani


Kotabumi, Madya ratri
TS

KAPANG MBRANANG

ya gene tumenga, Wulan
apa kang koksawang
ngetung lintang
mapag rembulan
apa kowe kelangan konang???


aja takon marang mangsa
aja mung maca sasmita
takona marang lungite geguritan
mingise glathi wus tumumpang
salumahing kertas suksma nadhi abang
lan kumucure mangsi asih wis nelesi
: kapang mbranang


Kotabumi, kalane lingsir
TS

W E N G I

wengi
ing pangkonmu apa ana angin salah mangsa
sing nggubet waru Ian trembesi
patang taun lumaku
lara lapa kekalangan ngudang rembulan
apa ora ngerti??
apa wus kokcathet ukara-ukara pingget
apa wus kok bengket
apa.....apa.....apa???
ah...
bokmenawa kowe bisa ngerti
ing kene aku
isih ngrengkuh dina-dina mburi.


Kotabumi, 06 Desember 2017
TS