ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 15 November 2012

B I S U

Larap-larap sumilir
Angayut tumiyuping angin
Edhum ngusapi pasuryan

Semu ing lena
Angenku ngulandara
Ngenggar-enggar landheping panggrahita
Kang cumondhok ing pungkasaning ukara
Pangaruara

Sepi bisu
Ati rengu
Timpuh amarikelu
Sangga wang nyawang langit werna klawu
Yayi, Yagene tatu iki nora bisa wayu

Kotabumi, 1 SURA 1946
DS

Minggu, 07 Oktober 2012

S E P A

yen pedhut dhong rumambat
ngaras pucuk-pucuk mlati
lan bun wengi tinaretes
ngeleb plataraning ati
aku eling sliramu, Yayi

saungkure rembulan nguntabake lungamu
wengiku ngulandara
sesidheman mring sireping kapirangu
sepa, tanpa wirama
swasana kang rinonce awit kahanan kang mingget ati

Gusti...
kadiparan anggonku,
nglari sesotya kang wus musna saka embanan....?

Kotabumi, Madya ratri
DS

Kamis, 27 September 2012

PANGANGEN

Sumilire angin silir ndlidir
Rinasa edhum lelumban pikir
Nrabas dawane wengi
Nglari ilining wektu
Njangkah angen nguyak impene ati

Maspadakake lintang rembulan, Yayi
Runtang-runtung njangkah mecaki tawang
Rerangkulan, tetembangan
Andum tresna mawa asmaradana
Nganti purnaning mangsa

Ampuranen aku, Yayi
Mung bisa ngronce manising esemu
Mung bisa ngentha kasulistyanmu
Awit aku mung kepengin
Sliramu tansah ana ing
kedhep lan ereme tlapukaning netraku

Kotabumi, 26-09-2012
DS

Sabtu, 15 September 2012

P U P U S

Dak sampirake pangarep-arep kebak wewayangmu
Ngupiya nylamur pangeling-eling ngegla ing dhadha
Rasa sepi lan kalunta
Kang wis ora geduga rinengga lara

Mabura
Sakombule langit
Slulupa
Sadedeg telenging samodra
Lepasa
Sakjembare ara-ara
Sagungliwunge wanawasa
Dimen ilang sakehing duhkita.

Kotabumi, 15 september 2012
DS

Kamis, 06 September 2012

LINTANG SIWI

Alum-alum tumiyung
Malengkung
Kucem surem tanpa surat mangguwung

Lintang siwi
Ngiwi-iwi
Kumrelip ngrengga kangene ati

Besuk kapan kalakone
Baya kapan dumadine
Nyandhing slirane, Yayi.
Kotabumi, 06-09-2012
DS

Senin, 03 September 2012

CIDRA-MU

Nglambrang nglangut
Lir wulan ketawang pedhut
Ngajab kalodhangan tinebak luput
Cacahing wilang kinukut
Tanpa pagut

Katresnanmu

Yagene mung kokampirake ing panglamunku
Yagene mung dadi impen-impen endahku
Wungkul ing alam maya paite katresnanku
Memerih tatu tlapukaning netraku

Tirta lelayu

Worsuh nyemoni pandulu
Sakwuse cidramu
Nilasake tatu
Nggarit atiku

Kotabumi, madya ratri
DS

Senin, 27 Agustus 2012

ELEGI WENGI

Kinanthi kidung lir gumanti
Ngaru-ara sauruting rumambate angin
Ngaras reroncening ati
Nitih nam-naming batin
Kang ginubel ing
Jembaring pangangen-angen

Nyuntak impen-impen
Nganam rasa lawan ganthilaning sukma
Dimen biruning langit atiku
Bisa dakgambari manising esemu
Bareng kumrosaking swara wit-witan
Keterak angin lelaku

Kotabumi, 26-08-2012
DS

Sabtu, 04 Agustus 2012

P R A S A S T I

Angin angidid alon
Sumrambah gandaning sekar
Mbarengi rembulan kang lagi ndadari
Kairing kidung sonyaruri
Njanjeni swasana endah anglam-lami

Njawat astamu wong ayu

Lungguh sumandhing wadag

Lingga sumandhing yoni
Bebarengan nyangkrik nduwuring prasasti
Mawa asmaradana ing madya ratri

Apa kowe isih kelingan, Yayi


Kotabumi, 04-08-2012

DS

Minggu, 01 Juli 2012

NGLAMBRANG

Larasing gendhing
Ngrangin anggrayang batin
Nuwuhake sewu pengangen
Njereng pangarep-arep kang katutup sangsaya rapet
Nyungging kabeh gagambaran klawu sing durung kawengku
Katungkul ngumbar gagasan
Satemah digawa ngimpi

Tembanging pikir kang lagi nglambrang
Ngambara ing awang-awang mokal sinawang

Kotabumi, 01-07-2012
DS

Minggu, 24 Juni 2012

L U H

rembulan kae
mendahneya jero ngawiyate
kasilep ana sawalike mendhung
kebak dening pangamun-amun

kapang kang dakanam
ing amping gigire jurang atiku
wis kebacut nglumut
dening luh kang kutah
wujud getih kang ora abang
kebak panandhang

kamangka isih durung rampung anggonku
natah rerangken prasasti tresnamu, Yayi

Kotabumi, 23-06-2012
DS

Selasa, 12 Juni 2012

L E N C U

Daksebul banter
Kumelune pega rokok ing dhadhaku
Prasasat nguncalake wewayangmu

Sauruting wengi kang sepi
Dakjar wudhar sekehing rerangken
Dakuja mbuncang ewoning pengangen
Daklempit impen-impen kang blereng
Sabab wus daklirwakake sliramu
Saka atiku

Lan nalika bali daksawang langiting atiku
Kabeh wus bali ireng
Kabeh wus bali ireng

Kotabumi, Madya ratri
DS

Rabu, 06 Juni 2012

LAYUNG JINGGA

Layung jingga
Wiwit ngliga
Mungkasi gumelaring candhik lelayarane mega-mega
Nggiring angslupe bagaskara
Ing gigire cakrawala

Yen ta pucuke sore iki bisa crita, Yayi
Ana luh kang kutah
Ana ati sing bengkah
Rikala kapang ngundang baline jangkah
Saka tlatah samune pangumbaran

Ing pucuke sore iki
Dakronce pangrasaku ngenut lakune angin
Ngupaya lebur ana kandhutane mega
Sanadyan ta mung pengangen kang lana
Lan muspra ing sajroning pangentha-entha

Ya ben ta wengi iki sepi-sepi
Ya ben ta kapang iki nglinthing kalindhes katreme wengi

Kotabumi, Lingsir sore
DS

Jumat, 01 Juni 2012

WENGI ING PANGLAMUNAN

Daksekarep angen iki
Nlasak bebondhotan kawuri
Duk rikala isih sesandhingan
Mecaki dina-dina
kebak puspa

Wengi ing panglamunan
Lungkrahing raga kaselehake ing peturon
Sangisore empyak prethel
Lan gapuke usuk
Bisu

Isih ajeg kaya wingi
Saben wektu atiku njelu
Njintel ngringkel dadi pringkilan kangen
Sabab rerangken
Wus mlenceng saka tataning impen

Ati iki pindha
Tlatah kapang kang gumawang ing pangangen sepi
Tininggal onclang gayutane ati

Kotabumi, 01-06-2012
DS

Senin, 21 Mei 2012

SOCA SAYU

Soca sayu
Kawistara edhum nyunarake paite pepisahan
Ngelun sakehing citra rasa
Ndhadhung cidra
Wungkul ngrenggani wewiron duhkitaning nala
Minggetake sisa-sisa lelakon, sing kala-kala malah nyipta panalangsa

Soca sayu

Legeg-legeg amarikelu sedheku
Mendhem raga dadi awu
Sangga wang nyawang langit werna klawu
Tan kendhat lilih ilining banyu
Netramu

Kotabumi, 20-05-2012
DS

Selasa, 08 Mei 2012

KORI SINANDHI

Teneh apa, apa meneh sing dakranti
Teneh apa, apa meneh sing dakantu
Sauntara wengi wus nyebar mayuta sepi

Gusti, gawa'a aku ing jagading lali

Kareben
Karoban Ing katresnan jati
Nyawiji marang Asih-MU

Ing pasepen kori sinandhi
DS

Jumat, 13 April 2012

MEH RAHINA

Wus meh rahina
Sepi datan arsa nendra
Kekesing rasa
Karudapeksa dening jatmika rupa
Kasendhal kumlawening wewayangmu
Ngakasa ilang watesing panyawang
Gawang-gawang

Wewayangmu
Kuwawa Ngegodha rasa
Tansah kumanthil aneng pandhoming netra
Linali-nali saya ngalela
Rinasa saya karasa
Tumus ring tung-tunggging nala
Datan kandheg dening apa-apa

Lan kabeh mung dadi siksaning pangimpen
Sabab sedya wus nyabrang pepesthen

Kotabumi, Meh rahina
DS

PANGGRESAH

Jroning panggresah
Nratap pikir nutuh pangangen-angen
Sumendhal sumedhot rasaning driya
Satemah mbabar lilihing rasa
Binarung kekembeng waspa

Kumrangsanging rasa
Saka gempalaning driya
Tansah ngagodha
Mbalela
Ngampah duhkita

Lungkrah raga iki dakselehake
Sayah pikir iki dakleremake
Ing dipan tuwa jero kamarku
Winates bisa tinemu anglere turu
Nadyan, tanpa impen-impen sing wingi dakwiru

Kotabumi, 13-04-2012
DS

Senin, 02 April 2012

MOSIKING ATI

Eluh trenyuh ngembang gugur
Mrebel nelesi ati kang wingit
Nguntabake pasiksan
Sing salawase iki pingget ing ati

Satemene ati iki wus lungse
Kabuncang ing tlatah samun
Cengkar bera lan nglungka
Nora kuwawa

Sayah anggonku lumaku
Mecaki dalan rumpil kebak tatu
Ing kene pengen dakleremake
Mosiking ati ing rerangkule wengi

Sanadyan ta pedhut isih anggendanu
Nutupi celong praupane rembulanku

Kotabumi, madya ratri
DS

Sabtu, 31 Maret 2012

REMBULAN ING WAYAH RINA

Bedhug ndrandhang
Ngenthang gilar-gilar
Nggarang pengangen
Ati sing kangen

Pacak barising lelewa
Ngegla nglembana ing tlapukaning netra
Nylamur pangrasa
Hangronce sekar lukitaning jiwa

Nanging pedhut jroning dhadha
Isih ngaling-ngaling netra
Isih ngaling-ngaling rasa
Saka sorot angeting teja

Pancen mokal bisa kanyata, rembulan ing wayah rina

Kotabumi, 31 maret 2012
DS

Kamis, 29 Maret 2012

BABAD RONGEWU LIMA

Putihing mega tan kaya
Bungahing ndriya
Awit pedhut ing atiku wus sumilak
Saka manising esemu kang ngujiwat

Tanpa suwala kabeh trewaca
Mbirat sakehing rasa kasamudana
Kababar cetha jroning walaka
Yen sejatine ati iki padha dene tresna

Geter rasa krudha asmara
Nggetih ngebaki dhadha
Bakal manjila
Andhum tresna, napaki dawane mangsa

Gegambaran kuwi
Isih krasa manis jroning ati
Sanadyan wus dakliwati
Punjul saka satus sasi

Getere rasa kekembeng mripat
Sewu eluh kabagyan nggeterake jagad

Dening : Dyah Sekartadji
Kanggo : Tejo Siswoyo

Wengi kebak prajanji, rongewu lima

Minggu, 25 Maret 2012

KIDUNG WENGI

Lingsir wengi
Rinajut nglangute ati
Lan sumilire angin
Nggawa kekidungane sepi
Kaliput jroning telenging ati

Wengi kang nggendhong pengangen
Marang tejane wulan kaendran
Kang pinaes kumrelipe lumintang
Dakronce edi manising esemu
Dakgawa ing sajroning anglere turu

Mbokmenawa bisa kanyata
Esemu ing wayah rina

Kotabumi, Lingsir wengi
DS

Selasa, 20 Maret 2012

WENGINE SAPA

Wengine sapa
Kebak panggodha
Tanpa sesanggem
Pemarem jiwa

Wengine sapa
Amung nggrahita
Abote sanggan
Nggandhuli jangga

Ing dhadhaku rembulan kemulan pedhut
Ing dhadhaku lumintang lagi semaput

Kotabumi, 20-03-2012
DS

Selasa, 13 Maret 2012

NGANAM RASA

Layung wus luluh
Gurit wus lungse

Nganam rasa
Njumputi tresna sing kacicir, lan
Angen sing kelem ing kasunyatan
Endah nadyan suwung
Awit impen isih merdika

Sepi sing kumlawut ing wengi
Sepi kang mungkus ati
Sekardadu kangen sliramu
Rasa kapang diulu

Kotabumi, Meh rahina
DS

Selasa, 28 Februari 2012

KAPANG JRONING IMPI

Kekidungan tembang kinanthi
Tigumanti siyat-siyut andudut ati
Pikir sing rinakit njlarit
Tembung kang tinali singset
Kongang udhar
Marani jlantraning kekarepaning ati
Lelumban ing jagading sonya ruri

kadiparan impenku wengi iki, Yayi
Nglangut pengangen saka telenge ati
Dakjaluk kapangmu wingi
Sing kacicir ing pinggiring sepi
Karoban maesi impi-impi
Ing wengi
Ing lali

Sauntara, rembulan njlarit tansah nggemateni wengi
Ngenteni tekane rahina ijen tanpa meri

Kotabumi, 28-02-2012
DS

Kamis, 23 Februari 2012

LAYANG SING KAPITU

Wus dakwaca makaping-kaping layangmu sing kapitu
Tembung-tembungmu kadya kapas salju
Rinasa manis pindha ing segara madu
Nyumrambah kalbuning hubbu
Ganda Arum mangaru-biru
Nawang wulanku kang lagi merindu

Mungguh wektu bisa cepet lumaku
Bakal daksabrangi lautan biru
butuh enggal bisa ketemu sliramu
Ngusadhani rasa sing wus ora kuwawu

Aku ngerti surasane
Aku ngerti kekarepane

Kotabumi, 23-02-2012
Dening : Tejo Siswoyo
Kanggo : Dyah Sekartadji

Rabu, 22 Februari 2012

REMBULAN

Oalah, jebule rembulan kuwi wus panglong
Awit praupane wus katon celong
Ginapit dening kumrelipe lintang
Kairing mega-mega malang
Runtung-runtung njangkah mecaki tawang

Ati kiyi kapang

Lelumban ing kumandhanging katresnan
Lerem ing weninge warih kaswargan
Mesem ing edhuming swara pangeman
Dhuh ati
Gawa'a aku ing jagading lali

Rembulan njedhul saka waliking mendhung
bali lelayaran ing langit tumlawung

Kotabumi, Madya ratri
DS

Sabtu, 18 Februari 2012

A N G E N


lintang-lintang ing tawang
kumelap angrengga sesawangan
winangsulan dening sumiliring angin
lan gendhing asmaradana kang ngrangin

kendhang angenku katut ilining wengi
mili turut kalining sepi
ili laku kumricike panganthi
Yayi, yagene esemu nora rinengkuh jroning ati

apa kudu bali dakpecaki tapak-tapak wingi
mangka lelakon kuwi wus kebacut nyuwek ati
apa isih bisa dakrakit talining edi
awit tatu wingi isih mblerengi.

Kotabumi, Lingsir wengi
DS

Sabtu, 28 Januari 2012

MANUHARA TINEMU SEPA

Damar kanginan kekembeng waspa netramu
Tumungkul sakehing duhkita
Mung ungkeb-ungkeb
Nangis angekeb dhengkul
Nutupi ayu praupanmu
Dhuh nimas,,,
Sumedhot pangrasaku

Cup menenga cah ayu
Bakal dakluru tamba
Nadyan kudu dak sabrangi segara
Dimen tuwuh esemmu kang ngujiwat
Kang gawe atiku sigar mrapat

Kotabumi, 14-08-2011
Dening  :   Tejo Siswoyo
Kanggo :   Dyah Sekartadji

LINGGA - YONI

Nggurit rembulan kembang arum
Nalika wengi gumelar tabuh samun
Nganthi astamu, Wong ayu
Lingguh sumandhing wadag
Lingga sumandhing yoni
Sliramu kinanthi
Aku pangranti

Kotabumi, 29-09-2011
Dening  :  Tejo Siswoyo
Kanggo :  Dyah Sekartadji

Kamis, 26 Januari 2012

KATRESNAN KEMBANG SORE

Ing kene, antaraning angslupe srengenge
Bali dakronce katresnane kembang sore
Saka gempilane lelakon kang wus saya lungse
Sing salawase iki katon ngece, ngawe-awe
Lan kecer saka pangrengkuhe

Sabab wus dakgambar sliramu ing gagasan
Wus daktulis ing pangenthan-enthan
Kareben
Karoban ing memanis
Ing kedhep lan ereme tlapukaning netraku

Kotabumi, Lingsir sore
DS

Selasa, 24 Januari 2012

NETYANING TYAS, WULANKU

Ing ngendi parane konang Yayi
Awit wengi iki nora katon ing pang trembesi
Lintange tidhem langite sumilak sepi
Nutupi arum endahe kolam tamansari

Ing ngendi parane rembulan Yayi
Sing biasane manther ing sela-selaning gegodhongan
Apa wus ora setya lan lali marang kaendahan
Yagene malah ndelik ing waliking pesamunan

Keli...
Awor larahan lan tangise widodari
Mung angen kang setya ngancani
Nali sepi..ing sadawaning wengi

Dening : Tejo Siswoyo
Kanggo : Dyah Sekartadji
Ing sapi nggiring wengi

Minggu, 15 Januari 2012

TRESNA IKI

Tresna kuwi kadya wulan kang lagi ndadari
Tresna kuwi ati loro kang dadi siji
Tresna kuwi rerangkulaning rina lan wengi
Tresna kuwi ngrenggani impen-impen kang edi
Tresna kuwi dudu wewengkon birahi
Tresna kuwi kekanthine asta tumuju swargi
Tresna kuwi prasasti janji sabaya pati
Tresna iki amung sliramu sawiji

Kotabumi, Madya ratri
DS

Rabu, 11 Januari 2012

GRIMIS

Layung melengkung
Semburat ing brang kulon
Anjrah puspitaning kembang sore
Sesawangan kang ngawe-awe

Lungguh ing sapi nggiring tritis
Mbedhidhing angina lumaris
Kinanthi tapising grimis
Atis

Kotabumi, Sapi nggiring Tritis
DS

Selasa, 10 Januari 2012

ESEM REMBULAN

Tembang kinanthi
Methuk eseme rembulan
Lan sumiliring angin
Anelungake rasa riyung
Edhum ngujiwat sumundhul ing punjeraning kalbu

Bali angenku marang sawijining wengi
Duk rikala sesandhingan
Lungguh jejer ing plataran
Sineksen sewu lintang payung rembulan
Kandhamu ......
Aku wewayang telenging atimu

Kotabumi, Madyaratri
DS

Jumat, 06 Januari 2012

GURIT WENGI

Gumer-gumer gendhing
Alun ngumandhang ing tengah wengi
Merbawani swasana kang edi
Kepara digawa lali

Ketang mung sedhela
Pengin dakkekep puput curesing pangimpenku
Pengin dakranggeh wektu kang wus keplayu
Sajroning ati kang lali
Ngimpi

Kotabumi, Madya ratri
DS