ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 04 Februari 2016

GURITAN WAYU

tumenga nyawang endahing purnama
tumoleh nyingkur cathetan muspra
keket angregem guritan wayu
aksara nebet temumpang tatu


apa wis boktampa, nimas
kojah sewu pamiluta
sora pambengoke rasa
ing gegana ngumbar crita
ing sawayah lingsir wengi
sangisore sitaresmi
apa isih ndhuweni..?


Kotabumi, 04 Februari 2016
DS