ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Rabu, 30 September 2015

EPIGRAM BANDUNG BANDAWASA

Apa sih pijer nangisi crita
Abang getih rina wengi nggetun sabda
Napas tuwa pingget jero nggurat dhadha
Tan wurunga
Rara jonggrang wus malik dadi rerupan reca


Kotabumi, 30 september 2015
DS

Selasa, 29 September 2015

MARANG KANG NGRENGGANI KAENDAHAN

o, rembulan
apa yang mung wujud wewayangan
sing bisa kok pasrahake ing
samun ndhedhete lelakon ing tembe


apa sih kurang lungid
jemparing kapangku
saben wengi dak isis ing telenging rangu
kalane gendhewa sepi dak penthang
ing tengahe rasa gothang
:kelangan


apa mung edhume bun pangarep
Kang rumambat antaraning ulegane kareb
ngemuli duwung-duwung tlaga
nyenyet


marang kowe : jenengmu sapa...?
marang kang ngrenggani kaedahan
bokmenawa ana cicire crita-crita wingi
wengi iki daksekarep
ana patemone rasa sing ginaris ing lembare nostalgia


(nimas, iki wuyunging atiku, kang ora tau bisa cetha ajar omong marang konang, lan ngrembuyunge pang-pang gegayuhan)

Kotabumi, 29 September 2015
DS

Senin, 28 September 2015

SEKAR LANGIT WUS MEKAR

sekar langit wus mekar
:sesunaran

apa kowe ngerti, nimas
gurit ayu
tawang biru
ngenteni kledhangmu
ing kana : sangupaning mega
kaya semana runtung lelana
nyigar langit
ngaras kluwung
lelangen ing dampyakane lintang
ayuta

sekar langit wus mekar
:sesunaran
(duweke sapa...?)

Kotabumi, 28 September 2015
DS

Sabtu, 26 September 2015

TEMBANG ALUM

ngayawara binarung angin
nggetuni pang kang bacut sengkleh
Ing kene tempuk netra agawe goreh
Iba sun temokke ndika ing tembe waleh


ya gene isih mangu
nasak rungkut ri bebondhotan
njumputi awur esem, kedhep liring
ing rutuhe bun-bun ngrembuyung


o,nimas
Ana gumrininge pasuryanmu dak penthang
ing lungiting warastra kumelap, mbarubul saka tengahing tlaga
abang birune atimu, atiku
nyigar lagit sore iku


Kotabumi, 26 September 2015
DS

Jumat, 25 September 2015

REMBULAN TUWA

katrem anyawang rembulan tuwa
ngangen-ngangen sri tanjung
nadyan brindhil pang nora kuwawa
ngekeb ijo godhonge wuyung


lam-lamen biyen esem boksungging
arum kembang ing plataran
ngantri seprene kasempyok liring
jero ning ati banget kelangan


keli ili obahe wektu
tansah kumanthil ngawe-awe
apa sih bisa angrenda laku
ing guritmu nimas, dak tangiske rumpeg dhadha ing tembe


Kotabumi, 25 September 2015
DS

Senin, 21 September 2015

NIMAS LINTANG

o, lintangku
dudu luputmu sesandhingan
kumrelip ngrengga kluwunge rembulan
:sesunaran


dudu luputmu, nimas
dudu
aku kang ora tau duwe ati lanang
aku kang ora tau wani nyawang
:pasuryanmu
guritku wudhar
kuwanenku aclum
rerangken kasamun ing
rumpege gurung


ing kalodhangan iki
ing lungite duwung kanyatan
dak entha krelipmu
:sepisanan


Cuthelll...


Kotabumi, 21 september 2015
DS

Jumat, 18 September 2015

COLOMBO WENGI IKU

wengi iki aku wis macak ayu
kaya sebene malem minggu
mapag tekamu


wengi iki aku wis macak ayu
kudung jambon, paes gincu
slendhang sutra werna ungu
biyen pawewehmu


o, kangmas
aku kang ora tau
bisa kelangan mripatmu
bisa lali mring esemu lan
angete astamu ngregem atiku


(wengi iki aku wis macak ayu, kanggo sliramu)

Gejayan, malem minggu 2005
DS

MARANG NIMAS

dhuh, kaningaya ngapa isih mbok anggit ewon ukara
samar yen ta endah ing atimu tan cetha
kalamun katrisnan jati wus sarimbit peni
apa sih mbok petung tekane rina lan wengi...?


Kotabumi, 13 September 2015
TS

Jumat, 04 September 2015

BEKSAN KARTIKA

pasuryan mendhung
kawur anyawang mega
nalika amrik waspa rutuh
macak tangis-tangis lirih
impen kalindhih


o, nimas
aku wus sumadya
menthang langkap nyigar langit
nedya manah ngruket anggamu
mondhong ati gegancangan
lelangen ing kumrelipe beksan
:kartika


apa kowe wis nglenggana...?


Kotabumi, 04 september 2015
DS