ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 29 Oktober 2015

WEWAYANGMU

ana kang lair saka wewayangmu
nggeterake ilining janji legining madu
ngracik impen-impen angete dalu
wong bagus, aku gandrung ing sewu taun pangrengkuhmu


Kotabumi, 29 Oktober 2015
DS

Minggu, 25 Oktober 2015

LELABUH SEPI

Sore anggurat lamise mega
Ing kana biyen angen ngrembuyung
Seprene nggubel angentha-entha
Lencir kuning ati sun wuyung


Lumingsir candhik mungkasi rina
Wulan tumanggal ing brang kulon
Jangkah mbenteyong nyingid sasmita
Paran nimas, bali jejer sakloron


Bali angembang winihe soka 
Dakgadhang saiki mekrok ing ati
Saya angambar nedheng ngrembaka
Tuhu lan setya nadyan mbrindhili


Kotabumi, 24 Oktober 2015
DS

Jumat, 16 Oktober 2015

LINTANG PANJER SORE

silir-silir angin ketiga
nggawa janji katresnan rendheng
andum sengsem sulih mangsa
ing wewayangmu nimas, panyawang blereng

kala gumingsir nebet ing ati
candhik mbranang amarikelu
panjer sore panglonging ati
kawur mrebel muwun kelayu

kelu nyeseg ngreranta
esem samun angrenggani
keket angregem liring semana
trisnaku ginawa mati

Kotabumi, 16 Oktober 2015
DS

MARANG NIMAS

surup anapak manglong
getir rasa andulu trenyu
nratab kroncalan atiku coblong
sora anjola muwun kelayu


kelu nyeseg ngreranta
ngiring kreta titihan
trisna kapunggel peksa
lerema bali mring ayunan


taun gumlewang perih rinasa
dalan rumpil amecaki
dak kekeb kenceng pangaruara
sun tangiske kangene ati


rungon-rungonen dhek biyen meling
kalane candhik dak papag bali
lampah laku nggleyong jonjing
aja sumelang nimas, sadurunge peteng dakjujul pati


Kotabumi, 14 mei 2015
DS

Selasa, 13 Oktober 2015

GURIT PATEGALAN


(Banowati)


apa sih kena dakdhekep kapercayan
godhong-godhong gogrog kadamu angin
: aking


daktintingi keceraning gita pangeling
napas lawas kang nggurat tatu sejarah
nalika gurit -gurit nyasak jurang
munggah grumbul ri pepalang
: paugeran
tilamsari patengganku

binarung bun lan tintrime mandaraka
marang angin kang ngaras nistha
wengi iki aku mung pengin kandha
remugane dhusta semana
isih dhedhelikan nunggu mangsa
: wutah bedhahe kurusetra


Kotabumi, 13 Oktober 2015
DS

Kamis, 08 Oktober 2015

GURIT PATEGALAN

(kurusetra)


sumedhot andulu
kawur tetesing waspa
rutuh mili kagawa
:silugangga
(tidhem langit ngawangga, ngruket anggane dyah ayu surtikanthi kang lagya nendra)

dhuh nimas
pepujaningsun
rembulan lingsir wus alum
tintrim bayu nggawa tembang-tembang
: pangrum-rum
(basukarna legeg nglenggana, nintingi esem-esem dasihe semana)

sing lerem anggonmu ngimpi
suk kakang madheg senapati
sung dharmabekti awit peparinge wibawa lan mukti
netepi lungiting janji
ngrumati luhuring budi

lilanana pamitku, nimas
aywa kingkin walangdriya
aywa kongsi ngrasa cuwa
kalamun ing sakmengko
tangisku bokwaca
(basukarna gung mili rinujit myat anyawang rupa memaniking tyas, gya nyandhak gendhewa aglis mapag njedhule bagaskara)

Kotabumi, 8 oktober 2015
DS

Minggu, 04 Oktober 2015

LANGIT NGASTINA

langit ngastina
tuna gumelar rasa
: katresnan liya


o, dewa
bokmenawa kowe uga lena


kamar biru
jembangan werna ungu
rerupan tatu


satriya tama
putrane pandu
kekejeran
ing ilining getihku
ngaras kudung
nglukar gelung
kebaya, tapih
ngliga kelarung


langit ngastina
tintrim tangis keduwung
: pangamun-amun


o, rejuna
baya kapan bakal kok ramut urip kang nistha...?


Kotabumi, 04 Oktober 2015
DS