ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Jumat, 31 Juli 2015

DEDALAN RUMPIL

nebet tetesing luh
ngukir lembaraning watu
tipak tipete katresnan

ya gene isih mangu...?
miyak rungkut ri bebondhotan
lakon kawuri

apa sih bisa nasak wewengkoning wektu...?
ing jangkah sing wis kadung
kelangan lacak dina mungkur

apa sih bisa nyingseti...?
getase tetalian batin sing satemene luput yen terus dirumati
amrih ora ketaton ing pungkasan

ing pucuk pring montang-manting
urip lan nasib nangis bareng guling-guling

Kotabumi, 31 juli 2015
DS

Kamis, 30 Juli 2015

CANDHIK AYU

candhik ayu
nyungging tintrim biru-biru
puspawarna lelayaran
gegancangan ngambar wingit
liring mbranang pojok langit


nasak angen ngulandara
ngekeb tembang-tembang alum
awur esem angreridhu
kaya semana kidung ngumandang
: candhik ayu sumunar netramu


Kotabumi, 30 juli 2015
DS

GURIT SAPADA

bedhug ndhrandhang
ngenthang gilar-gilar
nggarang pangangen
ati sing kangen


Kotabumi, 30 juli 2015
DS

Senin, 20 Juli 2015

DHUH, GEGADHANGAN

ndulu saka pringgitan
nggetuni kedhepe lintang
endah semana reruntungan
pereng cahya nebet wewayang


wengi gumingsir nyawang kalangan
silir sirep angelam-lami
angubub kobar mawane eman
kidung angrangin ati


kelu ngreranta kapang
bun njekut ing plataran
ginantha wus kabacut gothang
dhuh, gegadhangan....?


Kotabumi, 20 juli 2015
DS

Kamis, 16 Juli 2015

IKI MENGKO NGANTI KAPAN

langit mung ukara-ukara sepi : kiraku sih ana gunem...?
praupan rembulane katon nglentrih
burem sunarmu kekaling
apa kowe isih eling...?


ing ngendi parane angin
hawa adhem sing nyunggi rempyake ati
lan pringkilan kangen kang tansah
: njejuwing


ing ngendi lungane mangsa ketiga...?
nyangking beninge banyu kali
lan mangsa bedhidhing ngeburake
: godhong garing
(Iki mengko nganti kapan?)


Kotabumi, 15 juli 2015
DS

Selasa, 14 Juli 2015

WENGI PUNGKASAN

bun-bun rutuh gineget
alon ing sumilire angin
biyen dak regem drijimu keket
ing netramu nimas, gendhing angrangin


riwe-riwe kalen ing pipi
dak usap geter anget rinasa
mingseg angemu anggeget lathi
ing dhadhaku kok kojahke pangaruara


kawur panyawang tempuking netra
mangsa bedhidhing nenutuh ratri
kekeba kenceng clerem semaya
sigra bali mengko wanci mekroke sruni


Kotabumi, 14 juli 2015
DS

Jumat, 10 Juli 2015

MARANG REMBULAN

apa sing mbok gawa : rembulan...?
cahyamu edhum aneng arasing mega lan
lulut seblak beksan kartika
manjer wengi ing kedhepe liring
katresnan

apa wus mbok pikut kumrosake alang-alang...?
apa wus mbok paesi cengkare lemah gragal...?
engga gumerit cendhelane prawan sunthi kawiyak
lan anget sunarmu ngelus tintrime bun
: ing pipine...?

Kotabumi, 10 juli 2015
DS

Kamis, 09 Juli 2015

ASMARADANA

apa wus mbok pikut nimas
remeng manise kamar kita...?
sing nyuguhake anggur abang
kanggo nglabuh sepi
nyangking ambyore lintang
kemul angete rembulan
kanthi kapange prawan sunthi
lan getere dhadha iki
bebarengan ndhudah asmaradana
ing gumlegere ombak-ombak
: katresnan

Kotabumi, ratri mulya
DS

Senin, 06 Juli 2015

TEMBANG KANGEN

kaya uga sliramu
ing kene aku nyulami tatu
mburu susuhe angin
nasak sepine mega-mega
tawang alum pangareping tresna
semana


antinen nimas
angin ngiring tembang-tembang kangen
sumilir ing carang garing
nggawa gatraning gurit-gurit semi
kang bakal tumiyung sumandhing
: ing pangkonmu


Kotabumi, 06 juli 2015
DS

Jumat, 03 Juli 2015

KAPANG MRING LINGSIR WENGI

bun wengi dha leladhang
ngaras carang-carang semi
angen ing kana pagut kumleyang
wuyung kekidung kareb ngambali


ijen kasepen kapang ing rasa
makaping dak abur mring lingsir wengi
taman sih tawa aruming ganda
ejawantahe si kembang sruni


mosah-masih mecaki suwung
nyidham manis wektu patemon
sewengi adreng nggambari kluwung
dhuh nimas, ing kapan gapyuk asih sakloron...?


Kotabumi, 03 juli 2015
DS

Kamis, 02 Juli 2015

GURIT PUJA

gumonthang jam bandul : karebmu apa..?
nginger ngalun sulih mangsa
macak rembulan lan bagaskara
ora-orane aku bakal lunga
salumah murebe kasepen kang dawa
sadurunge wektu bisa maca
:cangkrimane kukus dupa


Ing pasepen kori sinandhi
DS