manuhara nuju prana
parandene ora tumiyung
rembulane kekaling mendhung
ah, kekasih
sapa sing cidra sapa sing jinja
lakon iki dudu pepesthen
pijer iki impen kang kudu kasimpen
ing pojoke kangen
nanging branta wus rojah-rajeh
karajut dening kahanan
nyuwek jantungku
mbeler atiku
lan aku wus kebacut nyidra impen.
Kotabumi, 16, Januari 2015
DS
1 komentar:
Endah saget roncening ukara,agawe nglangut pangangen kula....hehe tansah kula srantos gurit candhakipun....nuwun
Posting Komentar