ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 22 Mei 2014

GURIT IKI

gurit iki
pangudarasaku marang wengi
sing kebacut anggone nguja sepi

gurit iki
pangundhamanaku marang angen
kang pijer nggetuni tangan
sing durung gaduk ngrentengi lintang

ngranggeh rembulan
papan jujugane tangan kamulyan

gurit iki
tuwuh ing antarane gebyaring lintang pengarep-arep
sawise tetaunan kandheg ana rasa lan lelamunan

Gejayan, 2005
DS

Minggu, 04 Mei 2014

J A N J I

janji kang kinucap
lir duwure gunung
lan luase samodra kang biru
sliramu marang aku

lathimu dadi sirep
nilep panyawang netra
kagawa janji kang mijil
kelem ing kasunyatan

rina tumeka
wengi gumanti
dawa ngalela
ora beda

Jebul kabeh janji, amung ngimpi

kotabumi, 04 mei 2014
DS

Jumat, 02 Mei 2014

S E P A

kepengin rasane bisa mumbul ana ing tawang
kekitrang
sinentor angin sungsang
ngluwar sakehing rerenggan
kumleyang tanpa sanggan

bisa ngrangeh kumrelipe lintang
bisa nggrayang eseme rembulan
sing biyen nate aweh pepadhang
ing kalane kapang

eman sing kasisa mung kari remukane ambegan
sing nyoba ngunjal sakehing panandhang
lan sengklehe pang-pang gegayuhan
kang rutuh katendhang
lungite warayang


Kotabumi, 2 mei 2014
DS

Selasa, 18 Maret 2014

MADU BRANGTA

ing pangrengkuhing astamu, Kang
getih lan keteging jejantung iki
alon mbaka sekon nitir
ing satengahing samodra asihmu
banjur padha lelumban
ngenyut ilining madu brangta
karob-korub
ing memanis
necep sariraning kaendahan
trisna

Kotabumi, 18 maret 2014

DS

Sabtu, 15 Maret 2014

GURIT SEPI

ahh, kekasihku
ati iki isih gumlethak 
kebak tatu biru erem
njintel mili saka marasmu 
esem manis lan ganda arum 
ngebaki pasepen 
seksining sapada geguritanku
sing kacicir saka esemu

kotabumi, madya ratri

DS

ELEGI SORE

ati mosik
golak-galik 
kebrongot mramong sepa
latu panalangsa
ngobong langit werna jingga
pangimpenku ilang kasilep ing
walik angslupe surya

Kotabumi, Lingsir sore

DS

Kamis, 13 Februari 2014

GURIT TUWA

kumleyang rasa mecaki sore
kagawa obah mosiking ati
nalika crita ing lathimu
bali kumledhang jroning kalbu

pancen ana rasa perih
saben nyawang tumpukan gurit tuwa
sing nate dak nggo nyathet umure candhikala
sadurunge gogrok kasilep ing waliking mega

mbaka siji
daktata esemu sing wingi
dadi crita esem wayah wengi
eseme rembulan kang lagi ndadari.

kotabumi, 13 februari 2014

DS