ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Minggu, 04 Mei 2014

J A N J I

janji kang kinucap
lir duwure gunung
lan luase samodra kang biru
sliramu marang aku

lathimu dadi sirep
nilep panyawang netra
kagawa janji kang mijil
kelem ing kasunyatan

rina tumeka
wengi gumanti
dawa ngalela
ora beda

Jebul kabeh janji, amung ngimpi

kotabumi, 04 mei 2014
DS

2 komentar:

Wong Turian mengatakan...

Endah sanget guritipun...menawi kepareng nyuwun idi badhe share...

Dyah Sekartadji mengatakan...

sumangga mas