ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Kamis, 29 Mei 2014

C U T H E L

dakungkuri pereng wektu mawa panggresah
kareben ta gurit-gurit gumlasah sebah
nyatane sumiliring angin ora kuwawa
nitir gegadhangan kebak panjangka


dakungkuri pereng napas kebak kapang
nyatane ati iki mung keplatrang, kebimbang
kaya dene ngoyok rembulan kerahinan
ing pucuke tawang


kanyatan wus lumaku adoh, kang
kanyatan wus lumaku adoh
nyatane sumiliring angin mung kuwawa
nggambar patemon sing ginaris ing lembar nostalgia


apa isih ana sing saguh cawis klasa gelaran
papan mirunggan kanggo ngrembug biruning tawang
kang setya nyimpen sewu pepadhang
nglaras ngrangine langgam panguripan...?


kotabumi, 29 mei 2014
DS

Tidak ada komentar: