ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Rabu, 27 Agustus 2014

K A N Y A T A N

daktemu tetes atise bun ing netramu
isih padha kaya deksemana
nalika perih keket rinengkuh ana dhadha


kanyatan wus lumaku adoh, Yayi
wus lumaku adoh
kekejera kaya ngapa
sengara kae wus selot cetha


mara dakruket anggamu
bebarengan nyawang birune kanyatan
satengahe rasa kapang kang tan bisa uwal
satengahe seseg remugane ambegan
sarimbit ngeja aksarane pepisahan


Kotabumi, 25, agustus 2014
TS

4 komentar:

Wong Turian mengatakan...

guritipun edi sanget....

Wong Turian mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Dyah Sekartadji mengatakan...

punika gurit anggitane kamase kula mas, maturnuwun paring kawigatosanipun, salam

Wong Turian mengatakan...

Suraose gurit damel kelingan ing pawetri ingkang tansah kula tresnani...salam santun kagem kamase....nuwun