aku wis kesel mung dadi wewayanganmu, Kang nyatane kabeh mung impen semu ngulandara lan muspra cinandhet rasa kang nyangking tatu
aku wis kesel mung dadi wewayanganmu, Kang yen katresnan jinja lan cidra nyatane lelakonku dudu lelakonmu becik nyawijia mring lakon enggal, lan mungkura saka pangangenku
eling mring kapangmu kuwi dudu kapangku eling mring tresnaku kuwi dudu katresnanku meneh
pancen aku dudu banowati kowe dudu janaka pijer iki impen kang kudu kasimpen lakonmu dudu lakonku lan aku wus bosen nyidra impen
aku isih kelingan marang sekabehing pangeman rikala tukar rasa liru kangen ing pucuking lambe
lambemu lambeku wus kobong
ahh..sapa sing ngerti....?
(ing ndhuwur wit trembesi garing, urip lan nasib nangis bareng guling-guling).
2 komentar:
Dhuh Gusti kang kang tansah paring welas asih...mugya kersa njembaraken manah..
Jroning lelakon kang kebak tatu....jiaaan mbak Nawang Wulan....suraosing gurit kadya ginurit telenge manah kula...hehehe kula srantos gurit candhakipun..nuwun
maturnuwun paring kawigatosanipun mas, Bagus Wicaksono, nuwun
Posting Komentar