ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Senin, 24 November 2014

NGEJA AKSARANE KASEPEN

ambegan dawa
binarung kidung pangudarasa
ahh, mungguh rasa iku isih ana


pupus semu
luh lan esem iku
liru liring bisu


Gusti
ya gene pedhut kacubriyan iki
kok umbar rina wengi


ing pringgitan tritis kasepen
dak entha astamu
ngranggeh lan nelungake
pange impen


Kotabumi, 24 November 2014
DS

1 komentar:

boingjoker@gmail.com mengatakan...

Nyuwun pirsa tegesipun tembung :

-kacubriyan
-pringgitan
-entha
- nelungake

Matur nuwun Mba Dyah.