ARAK-ARAKAN GEGURITAN NAWANG WULAN

Minggu, 16 November 2014

MAWAR ABANG

sagagang mawar abang
dak ulungke mring sliramu
wenehana papan kanggo kalodhangan
ing atimu

 

aja sanggarunggi
lamun akeh eri mangu
kebak wisa rupa biru

 

keket regema ing astamu
dimen mblabar getih asihmu
kinen kasdu binuka korining atimu

 

edhum netramu
sinungging esem semu
banjur bebisik ing talinganku
" Kang, aku wus ana sing ndhaku "

 

Kotabumi, 16, November 2014
DS

1 komentar:

boingjoker@gmail.com mengatakan...

Kula nuwun Mbak Dyah.
Bade nyuwun pirsa tegesipun tembung :
-Sanggarunggi
-kinen kasdu binuka korining
atimu
-ndhaku

Matur nuwun sanget